sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.(Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
Showing posts with label Tata Cara Adat Jawa. Show all posts
Showing posts with label Tata Cara Adat Jawa. Show all posts
Tuesday, March 25, 2014
Upacara Tingkeban
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Acara Tingkeban utawi mitoni inggih menika satunggaling upacara ingkang dipun tindakaken tiyang jawi kangge mengeti jabang bayi umur 7 wulan wonten kandhutanipun ibu. Miturut para winasis, tembung mitoni asalipun saking tembung pitu, saged dipun tegesi pitutur, pituduh tumuju kasaenan lan kaluhuran. Wondene, miturut ilmu medhis, jabang bayi ngancik umur 7 wulan sampun nggadhahi wewujudan minangka manungsa kanthi wetah, pramila lajeng dipun pengeti kanthi ngawontenaken syukuran.
(wonten candhakipun)
(wonten candhakipun)
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Thursday, January 17, 2013
Tumpak Punjen lan Tumplak Punjen
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Kabudayan Jawa nduweni upacara adat sing diarani tumpak punjen lan tumplak punjen. Upacara tumpak punjen iku katindakake ing kalane wong mantu kang kepiasan, dene tumplak punjen iku katindakake ing kalane wong mantu kang pungkasan.
Punjen tegese pundhi-pundhi utawa celengan. Tembung tumpak punjen maknane tumapak ngiseni celengan. Sarehdene lagi mantu sepisan, mula kudu ngati-ati anggone nanjakake lakune ekonomi. Para luhur paring pitutur kanthi pralambang utawa pasemon tumpak punjen menawa diwedharake mangkene. "Kowe kudu ngati-ati mecaki urip kang bakal kelakon, butuhmu isih akeh banget, mula sing gemi nastiti ngati-ati, nyelengana dhuwit saben dina."
Tumplak punjen uga pralambang lan pasemon. Tumplak tegese ngesok. wong kang mantu pungkasan mono karepe mung kari iku butuhe.
Punjen tegese pundhi-pundhi utawa celengan. Tembung tumpak punjen maknane tumapak ngiseni celengan. Sarehdene lagi mantu sepisan, mula kudu ngati-ati anggone nanjakake lakune ekonomi. Para luhur paring pitutur kanthi pralambang utawa pasemon tumpak punjen menawa diwedharake mangkene. "Kowe kudu ngati-ati mecaki urip kang bakal kelakon, butuhmu isih akeh banget, mula sing gemi nastiti ngati-ati, nyelengana dhuwit saben dina."
Tumplak punjen uga pralambang lan pasemon. Tumplak tegese ngesok. wong kang mantu pungkasan mono karepe mung kari iku butuhe.
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Wednesday, January 2, 2013
Panyandra Penganten
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Panyandra
Binarung swaraning gendhing Kodhok Ngorek, risang panganten kakung sampun kawistara manjing ing gapuraning pawiwahan. Saksana ginarubyug kadang sentana warga wandawa mapag praptane risang panganten kakung. Dumugi papan ingkang tumuju juru ampil kendhaga saking risang panganten kakung miwah putri samya lambang Sekar Kalpataru Dewandaru minangka tandha pracihna bebukaning upacara panggih.
Lon-lonan tindaking risang panganten kekalih. Sangsaya cedhak sangsaya caket samya apagut tingal. Tempuking pandulu mbabar raos geter salebeting manah, mila datan saranta risang panganten putri gya ambalang gantal dhumateng ing raka inggih risang panganten kakung. Amung sakedhaping netra risang penganten kakung ugi ambalang gantal dhateng risang panganten putri.
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Friday, July 13, 2012
Tata Cara Adat Jawa
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Tata cara adat Jawa iku werna-werna saka sajrone kandhutan tumekane pati. Tata cara adat kalebu gugon tuhon. Gugon tuhon iku lumrah dilaksanakake dening wong-wong sing percaya. Wong sing percaya lumrahe padha nggugu lan mituhu marang sakabehe ila-ilane leluhur. Ancas tujuane nglaksanakake tatacara mau murih rahayu lakune panguripan lan bisa katekan apa kang dadi sedyane.
Tata cara adat Jawa kaperang dadi 3 golongan:
- Tata cara adat saka kandhutan - bocah
- Tata cara adat saka bocah - diwasa
- Tata cara kematian
Werna-werna Tata Cara Adat Jawa, ing antarane yaiku:
- Ngupati = wilujengan kandhutan umur 4 sasi
- Mitoni = wilujengan kandhutan umur 7 sasi
- Brokohan = wilujengan bayi lair
- Sepasaran = wilujengan bayi umur sepasar
- Selapanan = wilujengan bayi umur selapan
- Tedhak siten = wilujengan bayi umur 7 lapan / 7 sasi
- Tetesan = wilujengan bocah wadon sing lagi nggarap sari sepisan
- Khitanan = wilujengan bocah lanang sing lagi dikhitan
- Palakrama/nambut silane akrami = nikahan, perkawinan
- Surtanah = wilujengan kepaten (geblake)
- Mitung dina = wilujengan kepaten 7 dina
- Matang puluh = wilujengan kepaten 40 dina
- Mendhak (1) = wilujengan kepaten setaun
- Nyewu = wilujengan kepaten 1000 dina
- Midadarani = wengi sadurunge pala krama
(Sumber gambar saka:http://www.tembi.org/tembi/mitoni01.htm)
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Subscribe to:
Posts (Atom)



