Showing posts with label Sragen. Show all posts
Showing posts with label Sragen. Show all posts

Thursday, January 7, 2010

PANGERAN SAMUDRA

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
Pangeran Samudra putra saka ratu Majapahit kang pungkasan aran Raden Brawijaya V saka garwa selir kang aran Dewi Ontrowulan. Dewi Ontrowulan rupane ayu banget, lan awet enom. Sawise Pangeran Samudra dewasa lan ngancik umur 18 taun, dheweke tuwuh rasa tresna marang ibune dhewe.
Pangeran Samudra ngupaya supaya rasa tresna mau ora ngrenggani atine, ananging dipeksa kaya ngapa panggah ora bisa. Semono uga Dewi Ontrowulan uga duwe rasa kang padha. Kanthi umpet-umpetan, kekarone pepasihan. Sawijining dina pokale wong loro mau konangan dening Prabu Brawijaya. Pangeran Samudra diusir saka Majapahit.


Sawise diusir saka kraton, uripe Pangeran Samudra keranta-ranta. Urip ngumbara saparan paran. Pangumbarane nganti tekan ing gumuk kang akeh kukuse, banjur gumuk mau diarani Gunung Kemukus
Salungane Pangeran Samudra, Dewi Ontrowulan banget anggone kelangan. Kanthi ati kang manteb, Dewi Ontrowulan lunga saka kraton saperlu nggoleki anake mau. Anggone nggoleki kasil lan ketemu ing Gunung Kemukus.
Kekarone sedya nuntasake kabeh rasa kangen kang ana ing ati.kang durung kelakon lan anggone pepasihan luwih adoh saka lumrahe wong pepasihan. Tumindake kaya dene wong bebojowan,

Dewi Ontrowulan lan Pangeran Samudra konangan karo masarakat kono banjur kekarone dirajam nganti dadi patine. Nanging sadurunge Pangeran Samudra tiwas, dheweke ngucap sumpah ” sapa wae uwonge kang bisa nerusake kang durung kelakon antarane Pangeran Samudra lan Dewi Antrawulan yaiku nindakake kaya dene uwong kang bebojowan, kabeh panyuwun uwong mau bakal keturutan, lan dadi penebus dosane Pangeran Samudra.” sawise Pangeran Samudra lan Dewi Ontrowulan tiwas, kekarone dikubur dadi siji ana ing Gunung Kemukus.
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Thursday, June 5, 2008

Mula Bukane Sragen

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
Pemberontakan Cina sing dipimpin dening Sunan Kuning utawa Raden Mas Garendi marahi Paku Buwana II pilih lunga neng Pacitan. Salah sijine senopati Kartasura sing jenenge Tumenggung Alap-Alap oleh wangsit lewat ngimpi. Neng ngimpine iku, Tumenggung Alap-Alap ditekani pawongan.
“Hey Tumenggung, iki ana telung pusaka, tebok (wadah sega), lumbung pring, karo tongkat. Telung pusaka iki gawanen lunga saka Kartasura kene. Besok nek wis tekan titi wancine, pusaka telu iki kudu mbok wenehke karo Pangeran Mangkubumi nalika ana perang gedhe”.
Tumenggung Alap-Alap kaget nalika dheweke tangi, pusaka telu iku wis ana neng cedhake. Tumenggung Alap-Alap banjur lunga mengetan saka Kartasura.



Tekan desa Kranggan, Tumenggung Alap-Alap rumangsa betah, lan akhire milih manggon neng kana dadi kyai, lan njenengi awake dhewe dadi Kyai Srenggi.
Wis sauntara wektu Kraton Kartasura pindhah neng Surakarta. Wektu semana Pangeran Mangkubumi ora seneng karo Patih Pringgalaya sing mbelani Kompeni (Walanda). Akhire Pangeran Mangkubumi milih lunga saka Kraton, sangu duit 2000 real saka Sunan Paku Buwana II. Pangeran Mangkubumi lunga lewat Jebres menyang Tanan Bang Wetan.
Neng Tanan Bang Wetan, Pangeran Mangkubumi oleh simpatik saka warga. Akeh warga sing padha dilatih dadi prajurit sing kuat kanggo nglawan Walanda. Ananging Pangeran Mangkubumi kepeksa mundur amarga prajurite wiwit ora kuwat, amarga kentekan pangan. Pangeran Mangkubumi lan prajurit akhire tekan desa Kranggan. Neng kana tibake Pangeran Mangkubumi wis ditunggu-tunggu dening Kyai Srenggi.
Kyai Srenggi memelas ngingeti kahanan Pangeran Mangkubumi lan prajurite.

“Mangga Pangeran Mangkubumi, pinarak mlebet. Dhahar rumiyin sakwontenne”, omonge Kyai Srenggi.
Para Prajurit dikon mangan panganan sing wis dicepakake. Kanggo Pangeran Mangkubumi, Kyai Srenggi wis nyiapke sega lawuh pecel lan iwak pitik sing diwadahi tebok, lan legen sing diwadahi lumbung pring, banjur nyerahke pusaka sing keri dhewe, yaiku tongkat. Kyai Srenggi nyritakake wangsit sing ditampa pirang taun kepungkur.

“Nyuwunsewu Pangeran, kala rumiyin, dalem nate pikantuk wangsit lewat ngimpi menawi dalem dipun peseni njagi tigang pusaka ingkang samenika dalem kangge wadah dhaharanipun panjenengan, Pangeran”, mature Kyai Srenggi.
“Kyai, aku maturnuwun banget, njenengan wis nulungi aku sak prajuritku”.
“Dalem naming nglampahi amanat saking Gusti, Pangeran”, wangsulani Kyai Srenggi.
“Saiki aku wis ngerti maksude kabeh panganan sing mbok suguhke nganggo pusaka-pusaka iki. Mula kuwi, Kyai lan kabeh sing neng kene tak jaluk dadi seksi, yen panggonan iki tak jenengke Sragen”.
“Sragen, Gusti?”, pitakone kabeh wong sing neng kana.
“Iya, Sragen. Panggonan iki tak jenengke Sragen amarga neng kne iki Kyai Srenggi wis masrahke telung pusaka lan menehi aku legen” Pangeran Mangkubumi njelaske.
Wiwit iku, panggonan (desa) sing dienggoni Kyai Srenggi ganti jeneng dadi dukuh Sragen ( Gathukane tembung srah, saka pasrah, lan gen saka legen).
***
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Pangeran Samodra

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
Legenda Gunung Kemukus utawa Legenda Pangeran Samodra iku asale utawa dikenal neng desa Pendem, Kecamatan Sumberlawang, kabupaten Sragen, 26 kilometer saka tlatah Surakarta mengidul. Neng Gunung Kemukus iku ana sarean kramate Pangeran Samodra sing saiki papane kanggo obyek wisata neng kabupaten Sragen. Saben malem jum’at pon, kuburan kramat Pangeran Samodra iku ditekani wong akeh saka ngendi-ngendi sing biasane arep nggolek pesugihan.


Sejatine sing diarani Gunung Kemukus iku beda karo gunung-gunung liyane, kayata Gunung Merapi, Gunung Merbabu, lan sakpiturute. Gunung Kemukus iku dhuwure mung 300 meter saka permukaan laut. Dadi sakjane Gunung Kemukus iku mung gunung anakan. Jeneng “Kemukus” iku sejatine saka jeneng wit kemukus, kaya wit ringin, nanging ora nduwe sulur (akar gantung). Godhonge bisa dienggo tamba. Ananging sumber liyane nyebutake yen jeneng “Kemukus” kuwi saka tembung “Kukus”, amarga saka gunung kuwi kerep metu keluk sing asale saka obong-obongan menyan sing dadi sarat wong-wong sing padha njaluk berkah neng makam kramate Pangeran Samodra.

Miturut cerita saka masyarakat, Pangeran Samodra iku putrane Pangeran Kadilangu utawa.Sunan Kalijaga sing gagah, bagus, lan tuture alus, ananging yen diusut lewat sejarah, putrane Sunan Kalijaga iku jenenge Sunan Muria. Mulane legenda iku isih mbingungke..
Nalika semana, Kerajaan Majapahit pecah amarga ana pemberontakan Girindrawardana, priyayi-priyayi lan punggawan-punggawan padha mlayu nyelametake awake dhewe-dhewe. Ana sing lunga neng Gunung Tengger, ana sing nyebrang neng Bali. Pangeran Samodra bingung, arep melu lunga apa pilih tetep neng kono.
“Aja melu-melu para priyayi lan punggawan sing padha pilih nyingkir saka kene Pangeran Samodra. Meluwa aku wae! Aku arep pindhah neng Demak, banjur ngedekke pemerintahan neng kana”, ngendikane Raden Patah.
“Sendika dhawuh Raden”, semaure Pangeran Samodra.
Akhire Pangeran Samodra lan ibu kuwalone, Dewi Ontrowulan pindah Raden Patah neng Demak.
Tekan Demak, Raden Patah sak rombongane nyiapke pemerintahan dinggo nglawan Girindrawardana sing saiki nguwasani Majapahit. Raden Patah banjur nimbali Pangeran Samodra supaya ngadhep.
“Wonten dawuh punapa Raden?”.
“Pangeran Samodra, aku iki lagi nyiapke pemerintahan sing kuwat kanggo nglawan Girindrawardana, mula iku kanggo jaga-jaga lan supaya pemerintahane kuwat, aku pengen nglumpukake para priyayi lan punggawan-punggawan sing padha nyingkir, kocar-kacir ora nggenah. Aku ngutus njenengan supaya nggoleki lan nglumpukke para priyayi-priyayi lan punggawan-punggawan sing padha lunga kuwi, supaya pemerintahanne Demak bisa luwih kuwat nglawan Girindrawardana.
“Sendika dhawuh Raden”.

Tanpa kakeyan mikir, Pangeran Samodra langsung nyanggupi. Bareng wis budal, Pangeran Samodra rada kangelan anggone nggoleki para Punggawan lan priyayi amarga dheweke ora ngerti panggonane wong-wong iku saiki lan ana sing sengojo ndelik amarga ngerti yen lagi digoleki dening Pangeran Samodra.
Bareng suwe olehe Pangeran Samodra nggoleki, akhire neng lereng Gunung Lawu, Pangeran Samodra ketemu karo Raden Gugur. Banjur ketemu Raden Bethara Katong, sing biasane dikenal wong nganggo jeneng Adipati Ponorogo, Adipati Madiun, lan akeh meneh sing akhire gelem balik ndukung Raden Patah.
Neng Demak, Dewi Ontrowulan dadi kangen banget karo anak kuwalone, Pangeran Samodra.
“Pangeran Samodra, kapan sliramu bali neng Demak? Wis suwe anggonmu lunga ngemban tugas, ananging kena apa, tekan saiki sliramu ora bali-bali?”, ngomonge Dewi Ontrowulan nalika dheweke ngalamun neng kamar.
Pangeran Samodra wiwit lara-laranen amarga kekeselen.
“Pangeran Samodra, gandheng panjenengan nembe gerah, punapa mboten luwih sekeco panjenengan kondur kemawon dhateng Demak?”, mature prajurit marang Pangeran Samodra.
Bareng rombongan wis tekan neng dukuh barong, Pangeran Samodra lara meneh.
“Wis ngene wae, gandheng awakku lagi lara, awakku kayane ya ra kuwat, mendhing aku keri neng kene wae. Kowe-kowe padha baliya neng Demak, laporan karo Raden Patah. Karo tulung aturke sembah sungkem kagem kanjeng ibu, Dewi Ontrowulan”. Ngendikane Pangeran Samodra marang prajurit-prajurite.
Nalika prajurit loro mau mangkat lunga neng Demak, larane Pangeran Samudra saya nemen . Pangeran Samodra uwis krasa yen Dheweke wis cedhak karo ajale. Pangeran Samodra paring dawuh marang salah siji prajurite sing isih ngancani dheweke.
“Aku wis bener-bener ra kuwat meneh. Kayake aku arep ditimbali Gusti.Yen mengko wis tekan janjiku, dipundhut dening Gusti, tulung aku kuburen neng gunung anakan Kemukus sing panggone sakulone dukuh Barong iki”, ngendikane Pangeran Samodra.
“Ampun ngendikan kados mekaten, Pangeran…”.
Nalika prajurit loro mau tekan Kerajaan Demak Dewi Ontrowulan sedih, krungu kabar yen anake lara. Banjur dheweke njaluk ijin Raden Patah nyusul Pangeran Samodra neng dukuh Barong.
“Raden patah, dalem nyuwun pamit, badhe nyusul Pangeran Samodra dhateng Dukuh Barong. Dalem sampun kangen sanget Raden”.
“Ya Dewi Ontrowulan, enggal budhalo”.

Dewi Ontrowula cepet-cepet nyusul Pangeran Samodra neng Dukuh Barong. Atine Dewi Ontrowulan remuk banget nalika tekan panggonan sing dituju, Pangeran Samodra wis seda, lagi arep dikubur neng gunung anakan Kemukus. Ontrowulan nyusul rombongan wong sing nggawa mayite Pangeran Samodra karo nangis sesenggukan. Dewi Ontrowulan rumangsa perlu nyuceni awake sadurunge nyedhak mayite Pangeran Samodra, akhire Ontrowulan adus neng tlogo tilase sing dinggo ngaduse mayite Pangeran Samodra. Bareng wis resik, Ontrowulan nyusul Pangeran Samodra, pas Pangeran Samodra arep dilebokake neng jogangan kuburan.

Miturut wong-wong sing padha layat, Dewi Ontrowulan sing nyekseni mayite Pangeran dilebokake neng jogangan kuburan mau ngerti-ngerti ora sadar, seda, lan melu nyemplung neng njero jogangan, dadi siji karo Pangeran Samodra. Akhire Pangeran Samodra lan Dewi Ontrowulan dikubur bareng neng sakjogangan.
***
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info