Showing posts with label Basa. Show all posts
Showing posts with label Basa. Show all posts

Tuesday, March 25, 2014

BASA JAWA: Tuladhane basa krama alus

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
Tuladha ukara basa krama alus :
- Mbah kakung midhangetaken siyaran ringgit wacucal
- Pakdhe tindak dhateng Tawangmangu nitih bis
- Ibu saweg dhahar sekul goreng
- Simbah saweg sare
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

BASA JAWA: Tuladhane basa krama lugu

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
Tuladha ukara basa krama lugu :
- Mbah kakung mirengaken siyaran wayang kulit
- Pakdhe kesah dhateng Tawangmangu nitih bis
- Yanti saweg nedha sekul goreng
-  Simbah saweg tilem
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

BASA JAWA: Tuladhane basa ngoko lugu

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
Tuladha ukara basa ngoko lugu :
- Mbah kakung ngrungokake siyaran wayang kulit
- Pakdhe lunga neng Tawangmangu numpak bis
- Aku lagi mangan sega goreng
- Simbah lagi turu
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Tuesday, July 30, 2013

UNGGAH-UNGGUHING BASA JAWA (TATA KRAMA, ATURAN DAN URUT-URUTAN PENGGUNAAN BAHASA JAWA)

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
Walaupun sebutannya sama-sama sebagai BAHASA JAWA, namun dalam bahasa jawa sendiri, penggunaannya masih dibagi bagi dalam berbagai kelompok...
seperti bahasa jawa NGOKO, yang digunakan dalam percakapan sehari-hari, dengan orang sebaya..
Berbeda dengan Bahasa jawa KRAMA ALUS ATAU NGOKO ALUS , yang sudah agak halus dan biasanya digunakan untuk percakapan dengan orang yang lebih tua..
pengginaan basa yang halus inilah yang disebut BOSO oleh orang jawa..


BASA
1. Basa Ngoko : Ngoko Lugu, Ngoko Andap
2. Basa Madya: Madya Ngoko, Madya Krama, Madyantara
3. Basa Krama : Krama Lugu, Krama Inggil, Mudha Krama, Krama Desa, Wedhakrama, Basa Kedhaton

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Sunday, April 21, 2013

KATA-KATA MUTIARA DAN MOTIVASI DALAM BAHASA JAWA

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
Kata Mutiara Bahasa Jawa

Untuk melihat secara lengkap kata mutiara bahasa Jawa tersebut, maka Anda bisa mendapatkan, membaca dan menyalinnya seperti yang akan dipublikasikan kepada Anda dibawah berikut ini:

+ Sabar iku lire momot kuwat nandhang sakehing coba lan pandhadharaning ngaurip
- Artinya: Sabar itu merupakan sebuah kemampuan untuk menahan segala macam godaan dalam hidup, yg tentunya nanti bisa untuk mendewasakan diri kita masing-masing

+ Nanging ora ateges gampang pepes kentekan pengarep-arep
- Artinya: Akan tetapi bukan berarti lalu kita gampang kehilangan pengharapan

+ Jumbuh karo unine bebasan, sabar iku kuncining swarga, ateges marganing kamulyan
Artinya: Sama seperti bunyi sebuah peribahasa, berlaku sabar itu adalah “jalan utama” untuk mendapatkan "surga".

+ Sabar iku ingaran mustikaning laku
- Artinya: Bertingkah laku dengan mengedepankan kesabaran itu ibaratkan sebuah hal yg sangat indah dalam sebuah kehidupan

+ Suwalike malah kebak pengarep-arep lan kuwawa nampani apa bae kang gumelar ing salumahe jagad iki
- Artinya: Menjalani hidup disertai dengan rasa mawas diri dan kepasrahan. Selain itu menjalani hidup juga harus dilakuakn dengan penuh pengharapan dan seolah-olah mampu untuk mendapatkan apa saja didalam kehidupan.
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Monday, February 18, 2013

KAMUS BAHASA JAWA : MENGARTIKAN ARTI KATA DALAM BAHASA JAWA

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
-->
A
Antaka : mati
Alap : njupuk
Arum : wangi
Aris : tanpa sulaya, laras, sareh,alon,manis.
Astana : kraton,kuburan.
Agel : andhel-andhel
Anom : enom
Anuwun : nyuwun, njaluk
Anyelani : nyela
Amrih : ngudi,
Apén : si Wahya : wetu, wedar, kelair
Angrak : nempuh
Amurgani : sebab
Awit : jalaran, wiwit
Angok : anguk, aluwung
Angrungu : mirengaken
Astanira : tangan

B
Bapang : jabatan
Bera : ora ditanduri lan ora digarap.
Bapang : blabag njepapang dsipaku ing cagak.
Bumi : djagat,lemah.
Bendu : deduka, nafsu
Bubuhane : gaweane
Bangun : tulak
Bingar : katon padang polatane
Barang : gawanan

C
Catur :canten,gunem,kandhang.
Cumawuh : wis tepung meneh
Clatu : guneman

D
Dyan : murni, nyata, pancen
Datan : ora
Dêmang : sesebutane sewenehing abdi dalem
Dyan : murni, nyata, pencen
Dadya : dadi
Darma : kewajiban
Dyar : Nuli,Banjur.
Dadya : dadi
Dalan : ora
Dek : tanpa sing aren
Dawuh : tiba
Dawuh : kongkonane
Dedukane : nesune
Dataris : ora
Duka : nesu
Deduka : nesu
Den : Tuan
Dah : sabawa nggetak
Dangu : sue
Darbe : apa-apa sing diduweni
Durung : isih kurang karo mangsane, kang dituju
Dhapuripun : rupanipun, wujupitun.
Deder : garan panah

E
Éndra : ratu
Enggal : sabendina.

G
Garba : weteng, sambungan
Gumer : gumuruh
Guntur : Jugrung, soking Banyu.
Getir : Rasa kaya dene rasa jeruk purut.
Gegetun : kuciwa
Gugul : nangis
Ganalih : kasar
Gatik : gatuk satitik
Getere :ketir-ketir atine
Gumujeng : ngarep
Gaswiji : uwoh

I
Inggih :yaiku
Ing : wonten
Ingsun : aku.
Ingsun : aku.koe

J
Jati : kodrat, sabenere
Jubahira : jubah
Jajak : lurus
Jengkang : jengkangan tangan

K
Kwajibaning : kwajiban kang kudu dilakokke
Kaluputan : kesalahan
Kang dumawuh : kang tepung meneh
Kagyat : kaget
Kaprawira : kendel
Kumerket : raket
Kang : ingkang
Kedik : satitik
Kang : yang
Kamipurun : gelem
Katah : kathah
Karya : pagawean
Kang : kang
Kicabole : sangisore pipi
Karungu : mirengaken
Kawis : karang
Kowan : ora oleh apa-apa
Kapah : Ngonceki kopil.
Kardi : Pagawean, gawe, nindakake.
Kadi : kaya, pada
Keket : ruket
Ketawis : katara
Kusuma : kembang
Kinén : kinon
Karna : kupng
Kiwa : ala
Katon : katingal
Kusuma : kembang
Kadi : saking
Kasi : nganti
Kina : tuwa
Kêdhung : lubuk
Kukum : putusan
Ketawan : ditawan musuh
Kudus : suci

L
Lumawar : nglawan, lumawan
Liswane : lingsen, pawadan
Lir : pinda, kaya dene
Lintu : salah
Lami : sue
La : wangsulane sing diundang.
Lampah : laku
Lindri : ciut nanging endah nengsemake.
Lamun : yen, samangsa.
Landak : angkuh,pambekan.
Lawan : mangsa,tandhing,karo lan uga.
Linggih : Lungguh.
Lirik : obahing mata mandeng nisih
Lirang : peranganing barang sing tetangkep
Lulut : tresna
Laya : mati, rusak, sirna
Lamun : yen, samangsa
Lêrês : bener, pener
Laya : mati
Lampah : laku
Layu : mati
Landak : angkuh,pambekan.
Lira : kaya dene

M
Mubal : pada mumbul
Marang : nradjang, parang
Marang : tumuju ing, mubnggah tumrap ing dening
Mangka : kang dadi
Mapatih : patih
Mring : marang
Mulat : ndeleng ngewaske, namatke
Manguntar-untar : murup mubyar
Malangka : sumeleh
Moncer : nglewer dawa
Mrih : amrih, murih
Mingset : mingser ngalih sathithik
Maju : maju
Mimba : metu
Manahira : atine
Megung : mandeg ora mili
Mangilen : ngulon
Mundhi : nampa
Manis : legi,bechik
Mesum : katon atjum,aras-arasen lesu
Mobah : obah
Mami : ku, aku, kami
Mathuh : matur
Murang : ngarang, ngimpang, oara manut.
Maweh : aweh
Musrid : utama uripe,suci.
Muwus : clatu, guneman
Mawang : nyawang, ndeleng, nganggo ngelingi kahanane
Maras : wedi
Maras : kuwatir
Mekas : wekas
Mring : ing
Murti : awak
Mawa : nggawa, ngemot
Mesu : ngetokake kekuwatane
Marga : dalan, laku, cara
Maken : pakem
Menggah : sabanjure
Maambek : karo, lan

N
Narko : ngira ala
Nandhang : menganggo,nemahi,jandang.
Narpati : ratu
Nuli : enggal, ora gojag-gajeg.
Nuli : banjur
Nadyan : senadyan
Niti : mriksa
Nawang : nyawang
Nata : masang
Nistha : remeh
Noleh : noleh
Netepaken : tetep

NG
Ngandhika : ngomong
Ngundangan : ngundang
Ngakantrah : kawruhan ing akeh
Ngakrami : sumurut, sumunar
Ngura : ngodar-adur
Ngapyuk : nyiramake
Ngulami : wong kang pinter agama
Nglengger : ora obah
Nganan : nengen
Nyali : nyali
Ngancarani : nonjok ing tombak
Ngedhak : ngrengkuh
Ngreh : ngereh
Ngereh : mrentah
Ngajengaken : ngarepe
Ngunjung : nemoni

P
Praja : niyat, karep
Padheg : tetep
Purwane : wiwitan kang dhisik
Prakawis : prakara
Prawadhaga : prajurit
Pan sarwita : ananging sarta
Pura : kedaton.
Patitis : terang.
Pumang : wong lanang
Pan : rak
Pan : Ananging
Pun : uwis
Panggawa : pambekta
Prabawa : kaluhuran
Pan : ananging
Prayogi : panglimbang kang becik, pantes.
Pasamoewan : pakehan,paklampuking wong- wong sawetara, pista mangan enak, kumpulan sarahsehan, gegolanang wong-wong kang tunggal agama
Prayogi : panglambang kang becik, pantes.
Pan : Ananging
Purwa : wiwitan, kang dhisik
Padon : padu
Poerwa : wiwitan
Prana : pangrasa ati
Pukulun : gusti, bendara,
Prapta : tekan, teka
Pan : ananging, wis
Pita : kuning
Paran : apa, kepriye
Punti : pisang
Piningit : dijaga
Pati : mati

R
Ruwet : buindet, kisruh, angel paniti priksane, prakara, bingung.
Rura : rusak
Rong : maju
Rong : loro
Radita : srengenge
Rumuhu : Dhisik,biyen
Ramededer : kaku, lan kenceng
Risak : rusak
Ruameksa : njaga
Radiha : rada
Rukessa : njaga

S
Sura : wani
Sati : setia
Sidik : nyata, sanyata
Raga : awak
Sarak : panggonan
Sabda : swara, gunem, tetembungan
Séna : prajurit, wadyabala
Sanggêm : siap
Sêkar : kembang
Suma : kembang
Samya : pada, sami
Sentana : sanak sedulur priyayi gede, pengiring brayate lurah desa
Sasat : kaya, meh pada karo, aja sing
Sembaga : sumbaga
Sembada : sarwo kacukupan, cocok, patut, pantes rada sugih, kacukupan
Sayekti : Nyata
Sayekti : Nyata
Sarwi : sarto
Sarik : wewelak
Sir : pangarah
Sun : aku
Sirep : Sareh, sidem, maripanas
Sanging : Digelapake emas.
Sastra : lajang.
Soring : ngisore
Singup : singup
Sira : dewek-dewek
Sagunge : sakabehane
Sawuse : saklebare
Sira : deweke
Sandhika : omongan
Sedene : lan, dene, uga
Wang : peranganing rai
Sekarat : detik-detik arep meh mati
Samad : sawab
Solah : pratingkahe
Sumyak : rame
Swanita : getih
Samya : sami, pada
Sudiran : kendel banget
Saking : saka
Solah : pratingkah
Silih : genti-genten
Saknalika : sakmenika
Saking : saka
Sira : kowe
Santosa : kukuh
Sembada : sarwa kacukupan, cocok, patut pantes rada sugih, kacukupan
Sasaged : saged, bisa
Sawangan : surgapaning kali ing segara
Sembada : sarwa kacukupan, cocok, patut, pantes, rada sugih, kacukupan
Surbanipun : surban kang dienggo
Sawatara : sauntara
Sapang : pangestu

T
Talinggih : lungguh
Telase : entekke
Tangi : digiugah supaya tangi, digegasah, digugah atine
Tuwin : lan uga, lan maneh
Titih : atos, padet, panggemblenge
Titikaning : tanda sing mratelakake, tetengger
Tagupuh : sarta kesuen
Timbalanipun : celukaning
Tingalit : cilik
Tan : ora
Tadhah : apa-apa sing dienggo nampani apa-apa
Taklim ; kanti,ormat. Ngajen.
Taklum : kanthi urmat,ngajeni
Tara : antara
Tan : ora
Temah : takdire lelakon
Trus : terus
Taklum : Kanthi Urmat, nagjeni
Tarangga : jaran
Tarunni : bocah wadon enom
Tawira : prajurit
Tutur : piwulang
Tan : ora
Tolek : endang,enggal
Tamsil : tuladha becik
Truna : enom jaka/prawan
Téja : cahya
Truna : tuwa

U
Ujar : gunem, wetureng tembung, niyat kang kawestu

W
Wisma : omah
Wicitra : éndah banget
Wanah : warêg
Watang : gentir, kayu prebatang, sodoh.
Wana : alas
Waskitha : weruh sakdurunge winarah
Wiyata : piwulang
Wirid : wejangan
Winulat : tuladha
Wadana : pengarep, panggede, pemimpin.
Wara : wara-wara
Winulat : nulat →tiru
Wra : sumrambah, wrata
Wawan : lawan, lelawanan, saning raja kaya
Wasiat : piwelinging wong sing adjal sing kudu padha diestokake, wewarah tunggalanepara leluhur.
Wurung : ora sido,ora dadi
Wadana : golongane prajurit.
Wadya : prajurit
Wangune : ajake,empere,kaya
Wot : gawa,momot,mot,momot,pring gluh.
Wantah : tanpa ana kecampuran apa-apa
Wikrama : ndanjah, kekendelan
Wus : uwis
Wardaya : ati
Wira : wong lanang, prajurit
Winingkis : dilingkis
Wawan : lawan
Wicara : omongan
Waju : banyu
Wadana : sangkem, rai, pangarep, pangarep (panggede) ning golongan priyayi.
Wengis : bengis, katon sumengit
Wiladyan : tetuwuhan
Wentis : pupu, kempol
Wonten : ana
Wakêd : watês

Y
Yudha : perang
Yata : banjur, nuli
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Monday, December 6, 2010

Undha-usuking basa slaras karo unggah-ungguhing basa

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
     Undha-usuking basa yaiku tataraning basa Jawa manut penganggone, wondene unggah-ungguhing basa iku panataning basa miturut lungguhing tatakrama (tatakrama anggone nggunakake basa Jawa). Tujuwan nggunaake unggah-ungguh basa yaiku kanggo ngajeni awake dhewe lan ngajeni wong-wong sing pancen kudu diajeni. Sejatine unggah-ungguh basa Jawa iku yen disinaoni kanthi njlimet akeh banget perangane, ing jaman biyen perangane kayata:
1.  Ngoko:
 a.   Ngoko Lugu
     b.   Ngoko Alus: Antya basa, Basa antya
2.  Madya
a.   Madya ngoko
b.   Madyantara
     c.   Madyakrama
3.  Krama
 a.   Mudha karma
 b.   Kramantara
 c.   Wredha krama
 d.   Krama desa
     e.   Krama inggil
4.  Kedhaton
                
     Amarga saka owah gingsiring jaman lan kanggo nggampangake para siswa anggone nyinaoni basa Jawa, ing jaman saiki undha-usuking basa Jawa iku kaperang dadi 2 (loro),  yaiku:
1.  Ngoko:   a.   Ngoko lugu
                    b.   Ngoko alus
2.  Krama:   a.   Krama lugu
                    b.   Krama alus (inggil)

1.  Ngoko Lugu
      Basane ngoko kabeh, ora dicampuri tetembungan krama.
      Penganggone yaiku:
      1.    Kanca padha kanca sing wis akrab.
      2.    Wong sing drajate luwih dhuwur marang wong sing drajade luwih 
             endhek.
      3.    Kanggo situwasi resmi sing pancen perlu ngoko (umpamane tulisan
             ing majalah utawa buku).
      Tuladhane:
      a.    Dhuwite  mau digawa apa durung ya karo mas Budi?
      b.    Kowe iku yen diwenehi apa-apa kok mesthi ora gelem, piye ta?
      c.    Aku arep lunga menyang pasar.

2.   Ngoko Alus
      - Basane ngoko dicampuri krama inggil.
      - Basa krama sing digunakake kanggo aweh pakurmatan marang
         mitra wicara.
      - Tembung sing perlu dikramake yaiku wonge, panindake lan barang
         kaduwekane.
      Penganggone yaiku:
      1.   Kanca raket nanging padha ngajeni (umpamane wong pangkat 
            marang wong pangkat).
      2.   Wong tuwa utawa sing luwih duwur drajade marang wong enom, 
            nanging wis akrab banget.
      3.   Yen lagi ngrembug wong liya sing diajeni banget.
      4.   Wong wadon marang bojone (yen nggunakake basa ngoko).
      5.   Tulisan ing majalah kanggo ngajeni wong sing maca.
      Tuladhane:
      a.   Dhuwite mau wis diasta apa durung ta, mas Budi?
      b.   Panjenengan mau arep diparingi kok ora kersa, genahe ta?
      c.   Eyangku isih durung bisa kondur saiki jalaran isih tindak pasar.
      d.   Panjenengan kok ora dhahar dhisik ta Pak, saiki wis jam pitu lo!
      e.   Matur nuwun marang sapa wae sing wis kersa paring panyaruwe.

3.   Krama Lugu
      - Basane awujud krama lugu, ora dicampuri krama inggil apadene ngoko.
      - Basa iki watake ngajeni marang sing diajak guneman nanging kurang
        alus.
      - Ater-ater lan panambang kudu dikramakake.
      Penganggone yaiku:
      1.   Wong sing sadrajad nanging padha dene ngajeni.
      2.   Wong biasa sing durung nate tepung utawa durung akrab.
      3.   Ing swasana resmi (upamane lagi macakake rantaman adicara).
      Tuladhane:
      a. Sampeyan wau sampun mbeta napa kemawon?
      b. Sampeyan malah sampun angsal, sinten ingkang nyukani?
      c. Acara salajengipun inggih punika donga pamuji.

4. Krama Alus
    -  Basane luwih alus lan ngajeni banget, wujude basa krama kacampuran
       krama inggil.
    - Tembung sing perlu dikramakake, yaiku: wonge, panindake lan barang
       kaduwekane.
    - Awake dhewe ora kena dikramakake inggil.
    Penganggone yaiku:
    1. Wong sadrajad utawa padha pangkate, kang padha ngajen-ingajeni 
        banget ing antarane siji lan sijine.
    2. Marang wong sing luwih dhuwur drajade (anak marang wong tuwa, 
        murid marang guru, abdi marang bendarane lan sapanunggalane).
    3. Wong luhur kang durung nate tepung lan durung akrab.
    Tuladhane:
    a.   Pak, panjenengan mangke menapa tamtu tindak dhateng kantor?
    b.   Bilih wonten dhanganing penggalih panjenengan kula aturi rawuh!
    c.   Panjenengan ta ingkang asma Pak Karto punika?

Kanggo luwih gampang mbeda-bedakake ing antarane tataran undha-ushuking basa mau, coba gatekna katrangan ing ngisor iki:



Ngoko Lugu
Ngoko Alus
Krama Lugu
Krama Alus
Aku arep lunga menyang omahmu.
Aku arep lunga menyang dalem panjengan.
Kula badhe kesah dhateng griya sampeyan.
Kula badhe kesah dhateng dalem panjenengan.
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info