Showing posts with label Sangga Buana. Show all posts
Showing posts with label Sangga Buana. Show all posts

Saturday, January 30, 2010

Ora rila ...

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
"Asyem! Rokok nang cedhak parkiran ngisor kaé regané 11.000 rupiah. Nang warung pinggir dalan sandhing omahku mung 10.000!" ujaré kancaku karo ndèlèhake nasi bungkus titipanku ing méja nalika réhat.

"Ora rila ya, mènèhi rejeki 1000 rupiah marang bakulé rokok? Héhéhé..." tanggapanku.
"Iya jé..."

"Ning paling béda critané yèn sing 11.000 rupiah iku lèhé tuku nang cedhak omahmu kana, ya toh? Mesthi luwih ikhlas..." celathuku.
"Ha'a ki... ngapa ya?" kancaku sajak kagèt karo tanggapanku sing mbokmenawa ora kinira.

"Karang awaké dhéwé wis luwih ngerti bot repoté tangga cedhak tinimbang wong liyan ndrayan, jé... Lha yèn kowé wis kenal cerak karo bakulé rokok ngisor iku, mesthi ya béda manèh critané!"

Kacèk rega 1.000 rupiah, kurang susuk 500 rupiah, lan sapituruté, bisa dadi dadakan émosi, sanadyan mung sak nyuk’an. Pancèn nalar, menawa 1.000 rupiah iku dipingaké 100, 200, 1.000 gunggunge ora cilik manèh. Ning… yèn dipingaké… Lha, yèn durung, dak kira ora patut émosi, cukup kanggo pertimbangan ing ati, nggegulang bab sikap rila lan paseduluran… Sapa ngerti suwéning suwé aku rila ngeculaké dhuwit sing luwih gedhé marang sedulur sing mbutuhaké pitulungan, yèn duwé…. (``,). [skd]

Bonus maos postingan iki:

Mat-matatan CS Sangga Buana vol.1

01 - Jineman Uler Kambang, Lgm Meh Rahino Pl 6.mp3
02 - Asmaradana, Palaran Gambuh Pl Br.mp3
03 - Bw Retna Asmara, Ayun-ayun, Lgm Sidoasih Pl 6.mp3
04 - Pangkur Tanjung Gunung Pl Br.mp3
05 - Mijil Kethoprak Pl 6.mp3

Mat-matatan CS Sangga Buana vol.2

01 - Kutut Manggung, Kudha Nyongklang PlBr.mp3
02 - Sinom, Ijo-ijo PlBr.mp3
03 - Bw Rara Turidha, Pangkur, Pikat Manuk Pl5.mp3
04 - Kinanthi Sandhung Pl6.mp3
05 - Elo-elo Gandrung, Praon Pl5.mp3
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Saturday, November 21, 2009

Campur Sari Sangga Buana

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
Suwé ora ngunggahaké gendhing-gendhing, ééé... ndilalahé kok ya ana gendhing campursari sing durung dipasang cantholané ing kéné. Sumanggaaaa.... kolèksi saking Campur Sari Sangga Buana. [skd]

01 - Ayun-ayun Tanjung Gunung - Lelagon Ayo Ngguyu.mp3
02 - Ldr. Eling-eling Pasemon Lancaran Bribil Gambuh - Pangatag Lelagon Mawar Kuning.mp3
03 - Pamedhare Joko Lodhang - Jurang Jugrug - Gugur Gunung - Srepeg Gagrag Banyumasan.mp3
04 - Pangkur Jengleng.mp3
05 - Mijil Kethoprak Pl.6.mp3
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info