sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.(Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
Showing posts with label Crito. Show all posts
Showing posts with label Crito. Show all posts
Monday, July 30, 2012
Njowotenan Edisi Ramadhan
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Definisi makna poso iku kan seng luweh pas yoiku ngempet howo nepsu, yen mung ora mangan ora ngombe ora "anu" iku howo nepsu seng ringan, menurutku seng diarani poso tenan iku yen ora ngrokok, ikilah howo nepsu seng paling angel dihindari, isone iso neng abot, dadi kanggoku ora ngrokok ikilah sejatine makna poso.Jare, dilarang merokok karena menyebabkan banyak penyakit, bahkan ono seng mengklaim kematian disebabkan karena rokok. Pemerintah khususe Kemenkes lan Depkes lewat bungkus tiap rokok menyatakan yen rokok dapat menyebabkan kangker serangan jantung impotensi gangguan kehamilan dan janin. Ono seng menyimpulkan yen rokok iku gak ono manfaate malah mung nekakne penyakit, bahkan MUI menfatwai haram.
Iki mung jare Al-Qur'an Lho yo... " رَبَّنَا مَا خَلَقْتَ هَذا بَاطِلاً " (QS. 3:191) bahasa indonesiane "Tuhan tidak menciptakan segala sesuatu ini dengan sia-sia"
Lha lek sak umpomo Gusti Alloh nesu neng aku, "Opo tok kiro aku menciptakan mbako iki sia-sia? Lha kok mbako ciptaanKu iki tok elek-elek terus? Aku nyiptakne mbako iki opo tok kiro mung ngge mateni kowe ngono po piye?"
Trus piye nek ku arep nyauri ngene iki jal?
Mbako lek tak ngge nyusur saiki wes ra patut, Lek mung ngge merawat nguwatne untu wes ono odol seng luweh praktis, arep tak jangan opo tak oseng-oseng yo ora enak opo maneh diawuri trus digoreng, mbako goreng noh dadine?
Nah...sampean seng setuju Tuhan tidak menciptakan mbako dengan sia-sia tak enteni ae menowo suatu saat nduwe penemuan panganan opo camilan opo ngge opolah ngono seng bahane songko mbako, ben mbako iki gak dielek-elek menyebabkan penyakit ae, dadi mbako ciptaan Alloh iki ndak sia-sia ngono lho...
Lha lek ternyata gak ono penemuan, dari pada aku pekewuh karo Pengeran yo tak ngrokok ae, tinimbang diseneni mergo menyia-nyiakan mbako ciptaanNya Lho....
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Sunday, May 6, 2012
MUSPRO
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Roning jati gogrok kagowo angin soreLumengser srengenge tanpo tilas cahyane
Paribasan tresnaku kang wus purno
Sio-sio tanpo ono asile
Nandang kasmaran tan biso ilang
Hamung sliramu kang dadi katresnan
Tak simpen roso iki sak jroning ati
Roso kang saiki wes muspro
Watu padas sumebar ing dalan
Tak liwati masio kebak joglangan
Nanging opo saiki nyatane
Tresnaku ora leren keno pacoban
Tak lilakno nadyan ati iki gelo
Becik opo dipekso yen marai loro
Tak selehne ati ing garise Gusti
Aku wes nrimo lan ngrumangsani
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Friday, April 6, 2012
PASSWORD
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Mambengi koncoku dolan nyang omah, nggowo leptop jare kon marai nggarap tugas. Lagek teko leptop diselehne tapi dewek'e langsung nyang toilet jare kebelet ngiseng.Nunggu koncoku leptope iku mau tak urepke, tapi ternyata leptope dipasangi password dadi aku gak iso mbukak.
"Kek, leptopmu gak knek dibukak kon nglebokne password, opo iki paswote?" Koncoku seng neng njero toilet iku maeng tak bengok'i.
"Jenengmu" Semaure ora kalah banter mbengok.
Langsung ge er sundul usuk aku, trenyuh atiku lagek ngerti yen jenengku sampek didadekne password ngge mbukak laptope, tapi yo gak heran wong aku karo dewek'e wes koyo sedulur lanang wae, konco kawit cilik, mangan bareng adus bareng turu bareng wes biasa, dadi yo masuk akal ae yen sampek jenengku didadekne password, mungkin supoyo eling terus marang aku kang dadi konco sejatine.
Jenengku "fariz" langsung tak ketik trus tak enter, Lho kok gak knek, Tak jijal maneh, Lho kok tetep gak knek, mungkin jeneng lengkapku, tambah keronto-ronto atiku ora ngiro yen sampek jeneng lengkapku lo seng dingge password leptop iki.
Jeneng lengkapkupun tak ketik trus tak enter, Lho...kok tetep salah password.
"Kok ndak knek to kek" Koncoku seng iseh ing jero toilet tak bengok'i maneh.
"Kaploken" Semaure ndak jelas opo maksute
"Apane seng dikaplok? leptope yo?"Aku takon gak paham
"Hurupe password iku ketiken ngangge hurup gedhi"
"Hoalaaaah...CapsLock" Lagek mudeng aku, untunge leptope urung tak kaplok tenan.
Tak jijal maneh jenengku tak ketik, saiki ngangge hurup gedhi , berbunga-bunga tenan hatiku, begitu berartinyakah diriku iki sampek-sampek password leptope koncoku iki ngangge jenengku hurupe gedi pisan, ge er ku wes gak ketulungan.
Tak pijet enter, Lho... tapi kok tetep password yang anda masukkan salah.
"Ora knek" aku kondo naliko koncoku wes metu songko toilet.
Banjur leptop di cekel "Moso to, njijal ndelok"
Tombol CapsLock di dulek trus paswote diketik:
JENENGMU
Heladalaaaaaah.....
Ternyataaa.....
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Saturday, March 10, 2012
Alamat Palsu
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Pasar Legi Songgo Langit ngulon, prapatan pertama ngalor, ono bakul rujak kiri jalan ngalor sithik ono protelon trus ngulon satus meter, omahe Pak Slamet kidul ratan ngarep mesjid pas.
Montor tak selah langsung budal, Teko Pasar Songgolangit aku ngulon, ternyata prapatan pertama iku Polres Ponorogo mongko aku ngalor, diluk-diluk aku mengo ngiwo nggolek'i bakul rujak, sampek dalan lor dewe lagek ketemu bakul rujak'e, trus aku ngalor sithik ono protelon aku ngulon, Lho...kok gak ono mesjid? weh kleru iki sajak'e. aku mbalek maneh tapi gak ono bakul rujak liyane, piye iki....endi dalane?
Meh putus asa, sambil nyanyi alamat palsune ayu ting-ting aku mandek ing pinggir dalan banjur nyumet rokok, ono wong mlaku liwat ngarepku banjur tak takoni omahe Pak Slamet, "Iku mas, ono gang cilik ngulon ora adoh kok omahe ngarep mesjid"
Pantesan gak ketemu ternyata protelone gang, uduk dalan aspal, Heladalah ternyata jare Pak Slamet bakule rujak pindah. Dos... mungguh wae gk ketemu lha wong ancer-ancere ngalih...
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Saturday, January 21, 2012
Kursi Legislatif
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Singkat cerita Bapak Anggota Dewan iku arep menghadiri acara nyang luar negri, budal numpak pesawat terbang, saking utune lagek pertama kali numpak pesawat, beliau milih tempat duduk sing paling mburi dewe, dengan analisis nek sewaktu-waktu terjadi hal sing ora-ora resiko lan bahaya lungguh ngarep iku luweh gedhe, mongko lungguh mburi dewe luweh aman.
Tetapi sang pramugari sing memeriksa tiket pesawat Sang Wakil Rakyat, dengan sopan memberitahu,"Mohon maaf Pak, seharusnya Bapak duduknya di kursi eksekutif."
Dengan jiwa kejujurannya sebagai Wakil Rakyat beliau menolak,"Wahhhh...., Ya ndak bisa mbak, saya ini anggota Legislatif, ndak mau saya duduk di kursi Eksekutif, bisa dimarahi pak presiden saya nanti..."
Emang ono to, kursi pesawat Legislatif? (DOH)
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Saturday, January 7, 2012
Plan Tomorrow
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Wektu iku Bos Perusahaan terkenal nyeluk sekretarise banjur ngomong, "Sesok meeting nyang luar kota siapno opo wae sing dibutuhne."Sambil siap-siap Sekretaris iku telpon bojone,"Sesok aku dinas nyang luar kota, jaga rumah baik-baik ya mas?"
Sang Suami langsung telpon selingkuhane,"Bojoku sesok nyang luar kota, sampean ono wektu gak?"
Selingkuhane ngomong nyang muride sing lagi dikursus,"Nak, besok ibu repot, kursus diliburkan."
Bocah kursus iku banjur ngomong nyang Mbah Kakung , "Mbah Kung, sesok kursusku libur, mancing yuk!"
Mbah Kakung iku Bos ing perusahaan terkenal banjur nyeluk sekretarise," Sesok putuku ngejak mancing, meeting keluar kota dibatalkan."
Sekretaris telpun bojone,"Bosku ono acara keluarga meting dibatalkan aku ndak sido keluar kota."
Bojone langsung telpon selingkuhane,"Sesok ojo mrene, bojoku gak sido lungo."
Selingkuhane ngomong nyang muride sing dikursus,"Besok tetep masuk kursus nak, ibu gak jadi repot."
Bocah iku langsung telpon Mbah Kakung." Sesok gak sido mancing Mbah, kursusku gak sido libur."
Mbah Kakung yoiku Si Bos nyeluk sekretarise, Sesok sidane metting keluar kota, putuku gak sido ngejak mancing."
Sekretarise langsung telpon bojone"Sori mas, sidane aku sesok meeting keluar kota,"
Sang suami banjur nelpon selingkuhane," Bojoku sidane lungo, sesok reneo ya?"
Selingkuhane ngomongi muride sing dikursus, " Sesok sidane libur nak, ibu ono acara mendadak"
Murid iku langsung telpon Mbah kakung Yoiku Si Bos...
Terusno dewe kesel aku nulis terusane....

Friday, December 2, 2011
Khutbah Jum'at
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Di sebuah desa sing roto-roto masyarakate petani sing lumayan sengsoro lan rekoso, di sebuah masjid di tengah desa sing cukup megah dengan kepengurusan takmir sing lumayan modern tapi masyarakat masih kental dengan keutunannya, jum'at iki yo koyo jum'at biasane jama'ah yo mung warga desa iku-iku wae roto-roto sarung lencu klambi lusek songkok ireng kemerah-merahan dimakan usia.
Tapi ono sing bedo jum'at kali ini, Imame bon-bonan, nyewa ustad dari luar kota dikon dadi khotib ngisi khutbah jum'ah. Yo mung takmir sing bangga dengan kehadiran sang ustadz, maklum bayarane lumayan ngoreti kotak amal mesjid. sedangkan bagi warga yoiku para jama'ah jum'at sing hadir gak ono bedane, tetep wae gak peduli, akeh sing theklak-thekluk naliko khutbah dimulai, ngantuk, malah ono sing terang terangan turu' dengan melodi indah suara dengkur yang halus mendesir, bisa dimaklumi asal tidak memproduksi aqua.
Alhamdulilah sek ono sing peduli untuk ngrungokne sang ustad sewaan berkhutbah, khutbah dengan bahasa indonesia yang baik dan benar padahal sing dikhutbahi iku masyarakat ndeso, utun, sing biasa dengan kata misuh, ditengah khutbahnya sang ustad menyapa jama'ah, "Para hadirin jama'ah jum'ah yang berbahagia....."
Seorang jama'ah yang lumayan menyimak memaki dalam hati," Berbahagia ndiasmu kui, tanduran podo mati gak ono sing panen kok berbahagia"
Beberapa saat kemudian sang ustad berkata... "Kaum muslimin yang dimulyakan Alloh, kita itu harus selalu bersabar..."
Jama'ah laen sing gak turu yo nggrundel dalam hatine, "Bersabar dengkulmu kui, sengsorone urip koyo ngene mbatek ae kon sabar..."
Sang ustad melanjutkan khutbahnya, " mari kita perbanyak sedekah..."
Jamaah liyane maneh yo misoh-misoh dalam hati, "Sedekah cocotmu kui, utang gak lunas-lunas, anak wayae mbayar sekolah gak ndue duit kok malah kon sedekah, awak iki kudune disedekahi ora kok malah dikongkon sedekah ki piye to..."
Sing luweh parah ono sing ngrogoh hape banjur apdet status facebook...

Friday, November 11, 2011
Menerobos Lampu Merah
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Mergo kesusu selak kebelet ngiseng Parmin numpak sepeda montor ono ing lampu merah tengok kanan-kiri, lampu merah pun di terobos, jarak 10 meter setelah lampu merah, "Priiiiiittt...." Sempritane Pak Polisi ngagetne Parmin gendandapan. Pak Polisi keluar dari balik semak-semak menghadang parmin trus takon,"Selamat pagi mas, Apa tadi anda tidak ngeliat kalo lampu masih merah?""Ngeliat sih pak, tau saya kalo lampunya merah," Jawab parmin digae santai, asline ndredek campur ngempet kebelet ngiseng.
"Lha kalo tau lampu merah kenapa tetap jalan menerobos lampu merah?"
"Saya tau lampunya merah, tapi saya ndak tau kalo bapak polisi sembunyi disitu, kalo tau ada Pak Polisi ya ndak saya teroboslah pak..."
Parah tenan bocah iki, di lain waktu Parmin mbecak, pekerjaan rutine, lagi-lagi di lampu merah Parmin tengok kanan-kiri Pak Polisi gak ono neng persembunyiane. Parmin menerobos lampu merah maneh kesusu dikejar setoran, ujug-ujug ono mobil meh nyrempet Parmin, Sopir pun misui Parmin," Bocah Guoblok....Genah lampu merah kok ora mandek ki peye to, tak tabrak bodiyar cocotmu".
Parmin njawab nyantei,"Kalo ndak Goblok ndak jadi tukang becak pak saya, kalo ndak goblok saya jadi mentri pak."
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Friday, October 28, 2011
JLEB! Contest : Opoooo iki...?
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Menurut kamusku "JLEB!" iku singkatan songko "Jangan LEbay Bro!", hahaha...mekso, Lebay iku nek nang nggonku artine kemayu, kemayu iku nek wadon, nek lanang opo yo? kemalan palingo, halah takon-takon dewe disauri dewe. Lebih baik gendeng dari pada lebay, mangkane "JLEB!" Jangan lebaylah bro...Danu Akbar sek pertama kaline iki numpak pesawat, Lebay banget kliwat gendenglah, Bocah iku budal bar subuh, jam 4 isuk wes ono nang bandara.
Keberangkatan pesawat terlambat mergo ono masalah, ternyata Si Danu iku mau salah lungguh kursine gak cocok karo nomer tikete, tapi nyang pramugari kon pindah ora gelem.
"ya ndak bissa, wong saya antre dari jam 4 subuh kok disuruh di belakang, ya ndak maau saya."
Dibujuk koyo ngopo wae wiz gak iso maneh, akhire pramugari lapor keamanan, gampang wae ternyata, keamanan maeng takon, "Mas mau kemana?". "ke Surabaya", jawab Si Danu. "Lho disini jurusan Medan mas, kalo ke Surabaya dibelakang" Danu Akbar langsung loncat mlayu nyang kursi belakang podo karo tiket'e.
Pesawat akhir'e terbang juga, Pramugari lewat disebelah Si Danu, mungkin dalam hatine mbatin,"Dasar wong gendeng". sial banget nasipe Pramugari, Si Danu iku maeng malah tanya, "Mbak ini Luna Maya ya?". Si Pramugari njawab sambil lalu, "Bukan".
Lewat maneh Pramugari yang sama, Danu Akbar takon maneh, "Luna Maya ya?"."Bukan" jawab Pramugari langsung pergi. Sampek peng telu Si Danu takon ngono mau maneh, akhire Pramugari sampek jengkel trus curhat nyang koncone,koncone menasehati jawaben wae iyo aku Luna Maya gitu wae beres.
Begitu lewat, Si Danu ternyata sek takon maneh "Mbak ini Luna Maya ya?". akhire Pramugari njawab "Iyaaa... kok tau?".
"Lho...kok ndak sama dengan yang di tipi?"
Semaput dech tu pramugari.
Crito iku mau mung fiktif, karanganku belaka, Aku pileh nama Danu Akbar iku yo mergo permintaane Danu Akbar dewe supoya aku menyertakan jeneng'e nang postingan blogku iki. awas nek nesu nang aku.
Aku paling demen Ikutan JLEB! Contest sing ora mensyaratkan bahasa ngene iki, jadi aku iso bebas berekspresi.
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Friday, April 8, 2011
Salah Mendidik Anak
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
.
...Belalang kupu-kupu siang makan nasi kalo malam minum susu... Ikulah lirik terakhir lagu pok ame-ame sing biasane di nyanyekne ibu-ibu naliko ngudang anak'e sing isek bayi, wes ngerti yen walang iku panganane godong, kupu panganane madu lha kok yo malah lagu salah koyo ngono diwulangne anak to.
Ono ibu-ibu nesu marang anak'e, "Bocah ora njowotenan, wes kelas 3 SMA kok ora tau gelem ngewangi penggaweane wong tuwo, saben muleh sekolah mung turu wae, piye to le....le... karepmu iki ke?"
Padahal jaman anak'e iku isek cilik diluk-diluk dikongkon turu, malah dinina bobok kon cepet turu, yen anak'e sek dolan sampek di golek'i di pekso kon turu yen ora gelem turu mesti diseneni. Lha saiki bareng wes gedi dadi bocah mung tura-turu kok yo nyalahne anak sing jare ora njowotenan, padahal sing mulang turu awit cilek kan yo wong tuwane dewe iku to.
Tonggoku malah luweh parah, moso ngudang anak'e kok ngene, "Anak'e sopo to iki kok ayu men? ciluuuuuuuuuuuk.......badalaaaaaaa......" Wong sing nglahirne yo dewek'e dewe kok malah takon anak'e sopo, anak sek bayi durung biso ngomong malah dilatih nganggo pertanyaan sing mbingungne. aku wae sing wes gedi ora paham lho "ciluk badala" iku artine opo to?
Ono ibu-ibu nesu marang anak'e, "Bocah ora njowotenan, wes kelas 3 SMA kok ora tau gelem ngewangi penggaweane wong tuwo, saben muleh sekolah mung turu wae, piye to le....le... karepmu iki ke?"
Padahal jaman anak'e iku isek cilik diluk-diluk dikongkon turu, malah dinina bobok kon cepet turu, yen anak'e sek dolan sampek di golek'i di pekso kon turu yen ora gelem turu mesti diseneni. Lha saiki bareng wes gedi dadi bocah mung tura-turu kok yo nyalahne anak sing jare ora njowotenan, padahal sing mulang turu awit cilek kan yo wong tuwane dewe iku to.
Tonggoku malah luweh parah, moso ngudang anak'e kok ngene, "Anak'e sopo to iki kok ayu men? ciluuuuuuuuuuuk.......badalaaaaaaa......" Wong sing nglahirne yo dewek'e dewe kok malah takon anak'e sopo, anak sek bayi durung biso ngomong malah dilatih nganggo pertanyaan sing mbingungne. aku wae sing wes gedi ora paham lho "ciluk badala" iku artine opo to?
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Sunday, March 20, 2011
Blandong
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop

Blandong, iku yen ing boso indonesia artine kamar mandi, Blandong iku kamar mandine wong ndeso, jaman mbiyen blandong iku panggone ono ing njobo omah, ora ono blandong sing nang njero omah, kamar mandine wong ndueso iki ora ono gendeng'e dadi nduwure blak-blak'an tanpo atap sing nutupi, duwure tembok biasane yo mung sak dodo kadang malah ora ono sak dodo.
Wektu iku aku ono ing nduwur andang, andang iku ondo sing digawe songko pring gunane kanggo menek naliko pasang boto ing bangunan. wayah iku hawane panas banget, naliko aku pasang boto ing nduwur andang, ora sengojo mataku ndeleng ngesor arah blandong, ujug-ujug hawane langsung mak nyessss... ono cewek lagi adus, udo ora klambenan, deskripsi lengkape disensor, sing jelas yen songko ngesor mungkin mung ketoro sak dodo menduwur, lha tapi yen songko nduwur ngene iki yo mesti ketoro sak sembarange to....
Kudune wong iku ngerti yen saben dino ono wong kerjo ing bangunan sebelah, tapi nyapo kok nekat awan-awan malah adus? sopo sing salah? sing ndelok? opo sing didelok?
Ahh...dianggep rejeki wae, lha wong aku yo ora sengojo lho...kardene nolak rejeki kan yo ora apik to...
Aku maleh eling dawuhe Kyai Segawon, "Jangan melihat seseorang itu hanya dari luarnya saja". Ternyata ini to hikmahnya, lumayan.....he he he....
Wektu iku aku ono ing nduwur andang, andang iku ondo sing digawe songko pring gunane kanggo menek naliko pasang boto ing bangunan. wayah iku hawane panas banget, naliko aku pasang boto ing nduwur andang, ora sengojo mataku ndeleng ngesor arah blandong, ujug-ujug hawane langsung mak nyessss... ono cewek lagi adus, udo ora klambenan, deskripsi lengkape disensor, sing jelas yen songko ngesor mungkin mung ketoro sak dodo menduwur, lha tapi yen songko nduwur ngene iki yo mesti ketoro sak sembarange to....Kudune wong iku ngerti yen saben dino ono wong kerjo ing bangunan sebelah, tapi nyapo kok nekat awan-awan malah adus? sopo sing salah? sing ndelok? opo sing didelok?
Ahh...dianggep rejeki wae, lha wong aku yo ora sengojo lho...kardene nolak rejeki kan yo ora apik to...
Aku maleh eling dawuhe Kyai Segawon, "Jangan melihat seseorang itu hanya dari luarnya saja". Ternyata ini to hikmahnya, lumayan.....he he he....
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Wednesday, September 29, 2010
Riyoyo Nang Deso Kaponan
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop

Riyoyo Syawal 1431 h ing Deso Kaponan Mlarak tahun iki bener-bener meriah. Dimulai buka bersama terakhir ing wulan poso nang mejid karo REMASDAR (Remaja masjid Darusholihin) arek-arek cilik wong tuwek, lanang wadon, mangan ambeng limang tumpeng, dilanjut takbir keliling dimeriahkan kembang api kang cemlorot cahyane ing langit wengi malem riyoyo.
Isuk'e bubar sholat id ambengan maneh tambah akeh tumpeng sing teko, tak etung meh enek 50 tumpeng digowo nang mejid nggonaku Masjid Darushsholihin Desa Kaponan. dipangan bareng-bareng tandane bungah atine guyup rukun wargane syukur marang Kang Kuwoso.
Sing paling ditunggu-tunggu lan sing paling meriah yoiku naliko pesta mercon dimulai. meh ono satus mercon disumet dibledosne kanggo memeriahkan riyoyo tahun iki. songko mercon sing cilik dewe kiro-kiro sak gelas gedine, sedengan, lan sing paling gedi dewe kiro-kiro sak cagak listrik gedine disumet nang latar mejid. Perlu diacungi jempol kemeriahan mercon iki nek nggawe dewe kreatifitas pemudane desoku. ora ono mercon tukon.
Bubar nyumet mercon diterusne ngumbulake balon sing dawane limang meter diametere ono 2 meter. Pesta berakhir ditandai balon sing mumbul sampek ilang ora ketoro, uwong-uwong muleh nggowo brekat banjur diterusake acara silaturohmi menyang sanak kadang, poro sedulur lan tonggo teparo.
Saiki karek ndungo wae mugo-mugo ketemu maneh poso lan riyoyo tahun ngarep kang luweh meriah maneh.
Isuk'e bubar sholat id ambengan maneh tambah akeh tumpeng sing teko, tak etung meh enek 50 tumpeng digowo nang mejid nggonaku Masjid Darushsholihin Desa Kaponan. dipangan bareng-bareng tandane bungah atine guyup rukun wargane syukur marang Kang Kuwoso.
Sing paling ditunggu-tunggu lan sing paling meriah yoiku naliko pesta mercon dimulai. meh ono satus mercon disumet dibledosne kanggo memeriahkan riyoyo tahun iki. songko mercon sing cilik dewe kiro-kiro sak gelas gedine, sedengan, lan sing paling gedi dewe kiro-kiro sak cagak listrik gedine disumet nang latar mejid. Perlu diacungi jempol kemeriahan mercon iki nek nggawe dewe kreatifitas pemudane desoku. ora ono mercon tukon.
Bubar nyumet mercon diterusne ngumbulake balon sing dawane limang meter diametere ono 2 meter. Pesta berakhir ditandai balon sing mumbul sampek ilang ora ketoro, uwong-uwong muleh nggowo brekat banjur diterusake acara silaturohmi menyang sanak kadang, poro sedulur lan tonggo teparo.
Saiki karek ndungo wae mugo-mugo ketemu maneh poso lan riyoyo tahun ngarep kang luweh meriah maneh.
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Sunday, August 8, 2010
مرحبا يا رمضان
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Pertama ndue blog aku ngangge jeneng Cah Ndeso, eh ternyata wes okeh sing madani, trus tak ganti ngangge jeneng Cah Ndueso, bertahan pirang-pirang wulan ora enek sing podo, eh Lha kok akhir-akhir iki lekas okeh sing melu-melu ngangge jeneng Cah Ndueso. Arep ganti jeneng maneh urung ketemu jeneng sing cocok opo yo?
Jare Mbah William Shakespeare "Apalah Arti Sebuah Nama" tapi lek tak pikir-pikir umpomo aku ganti jeneng opo enek sing kenal aku? Lha aku wes kadung kondang ngangge jeneng Cah Ndueso je...
Asmo Kinaryo Jopo mungkin istilah jowo iki sing luweh pas. Nggawe jeneng ojo sembarangan amergo jeneng iku termasuk dungo. Lha terus dungo piye sing cocok karo jenengku engko?
Aku ora njaluk usulmu piye jenengku sing anyar, meskipun sampean usul paling yo terserah karepku piye lek ku arep nggae jeneng.
Sing jelas ben nyambung karo judule aku posting iki dalam rangka meyambut bulan suci romadlon.
wis...nyambung saiki judul karo isine posting.
Jare Mbah William Shakespeare "Apalah Arti Sebuah Nama" tapi lek tak pikir-pikir umpomo aku ganti jeneng opo enek sing kenal aku? Lha aku wes kadung kondang ngangge jeneng Cah Ndueso je...
Asmo Kinaryo Jopo mungkin istilah jowo iki sing luweh pas. Nggawe jeneng ojo sembarangan amergo jeneng iku termasuk dungo. Lha terus dungo piye sing cocok karo jenengku engko?
Aku ora njaluk usulmu piye jenengku sing anyar, meskipun sampean usul paling yo terserah karepku piye lek ku arep nggae jeneng.
Sing jelas ben nyambung karo judule aku posting iki dalam rangka meyambut bulan suci romadlon.
wis...nyambung saiki judul karo isine posting.
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Monday, May 10, 2010
Lagu Anak-anak
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Lagu asli :
Satu-satu aku sayang ibu
Dua-dua juga sayang ayah
Tiga-tiga sayang adik kakak
Satu dua tiga sayang semuanya
Versi cilik'ane Cah Ndueso lagu iki ngene lek nyanyi :
Satu-satu ayo golek watu
Dua-dua antemke pak guru
Tiga-tiga ayo gek ndang mlayu
Satu dua tiga sesok ora mlebu

Friday, April 9, 2010
Pisan Engkas
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Pas ndak ndue duit, adiku kok malah merengek-rengek njaluk ditukokne bakso. ora tak tukokne ke kok mesakne. lek tak tukokne ke duit ko ngendi? bingung aku.
Adiku wedok : "ndang to kang, aku tukokno bakso, kepingin banget iki aku, wes sui gak ma'em bakso lo..."
Cah ndueso : "ndak ndue duit lo nduk aku, montor wae gak enek bensine lo... piye lek arep nyang warung tuku bakso? adoh, wegah aku lek mlaku..."
Adiku wedok : "yo gak usah neng warung to kang, bakso ideran wae, diluk ngkas po ra yo gek liwat?"
Cah ndueso : (ngangkat tangan berdo'a dalam hati. "Duh Gusti, mugo-mugo ora enek bakso keliling sing liwat")
5 menit kemudian. dungoku ditolak.
"ting..ting...ting..."
tukang bakso sing biasane liwat ngarep omah krungu ko kadohan nabuh mangkok'e.
Cah ndueso : "Gawat iki, mumpung adiku wedok gak enek, kabur ah....."
Sek lagek mbukak lawang adiku wes nongol
Adiku wedok : "Hayo... arep nyandi we kang? kaelo baksone wes liwat, tukokno yo kang..."
Cah ndueso : (mikir cepet, golek alasan golek akal)
Tapi ndak ketemu-ketemu akal blas iki piye?
ndasku tak kukuri padahal ndak gatel
adiku wedok wes malangkerik, lambene mruengut.
tiba-tiba ujug-ujug, enek lampu empan neng nduwur ndasku, koyo neng abdel dan temon ngono kaelo, artine aku nemu akal.
Cah ndueso : "munine mengkok sing ditabuh bakul bakso kae piye nduk, suarane?"
Adiku wedok : "yo ting...ting....ting... ngono to kang, emang arep piye maneh suarane?
Cah ndueso : "ngene yo nduk, lek suarane mengkok sing di tabuh bakul bakso kae engko muni pisan engkas, njaluk pirang mengkok kowe ngko mesti tak tukokne, piye?"
Adiku wedok : "Oke, janji lo yo kang?"
Cah ndueso : "janji. tapi lek sampek gak muni pisan engkas, aku wegah lo yo nukokne?"
Adiku wedok : "oke, tunggu wae diluk engkas, mesti mengkok'e bakso bakal ditabuh maneh nang bakule."(spaneng ngenteni bakul bakso liwat nabuh mangkok pisan engkas)
Sesaat kemudian.
"ting...ting....ting...."
bakul bakso liwat pas ngarep omahku nabuh mengkok'e banter banget. koyo sengojo ben adiku krungu.
Adiku wedok : "nah....wis muni kae lo kang, hayo piye janjine maeng?"
Cah ndueso : "sek to nduk... aku maeng kan omong, lek muni pisan engkas to?"
Adiku wedok : "lha iyo, iku maeng kan wis muni ngonolo?
Cah ndueso : "walah tenane? emange munine maeng piye?"
Adiku wedok : "ojo pura-pura ndak krungulah kang. lha kae maeng muni ting...ting...ting... ngonolo..."
Cah ndueso : "munine maeng ting....ting..ting... ngono kan? berarti ora muni pisan engkas to? berarti aku ora nukokne kowe bakso yo nduk, lha suarane mengkok maeng ora muni pisan engkas, tapi munine ting...ting....ting...ngono kan?
Wkakakakakaa....

Wednesday, March 24, 2010
@ n < 0 K
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Blontankpoer jenenge, blogger senior sing kebetulan dolan neng ponorogo dalam rangka pengenalan opo pembelajaran opo emboh piye maeng pokok'e tentang blogger ngono lo, acara neng Pondok modern Gontor Ponorogo. Blontankpoer en pren mampir kopdar karo cah blogger warok nang wakoka warung kopi ponorogo sing buka setiap hari kecuali pas tutup. selain ngrembug masalah internet blogging, bolak balek digojloki, pak blontank mung misoh-misoh "satu kata untuk ponorogo" jare pak blontank " @n(0k " aku gak iso ngempet ngguyu,hahaha...dasar koplak. Lek ora koplak ora blogger jare wong klaten iku.Kok yo sanengalah Dinda Ong iki maeng ulang tahun, Wes sui sakjane kenal blogger cewek iki neng dunia maya tapi urung pernah ketemu, lha kok ketemu pisan wae dipajeki, mesakne nggeeeeeh...... hahaha... dasar cah-cah koplak, aji mumpung dikeluarkan, makan-makan neng joglo manis.
Cah ndueso ra tau-taune ngambah sing jenenge kafe, moro pisan wae diguyu, pesen opo bingung, ndelok menune wae mumet, mboso wes pesen disek dewe malah tekone keri dewe. wes nasib terahno..... biasane mangan sego tiwul kok mangan setik, setik ke daging ngono kae lo nda, uduk setik dram opo setik bilyat. Biasane mangan muluk kok ngangge garpu karo lading.
Yo jenenge wae aku iki cah ndueso diguyu dinyek dilokne opo dipisui po iso nesu.
Yaez gak popo lah sing penting wareg yo kek? hahaha....
Met ulang tahun waelah buat mbak Dinda Ong, Mugo-mugo tambah dowo ....
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Thursday, March 4, 2010
Cristiano Ronaldo Vs Cah Ndueso
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop

Cristiano Ronaldo, Sopo to sing gak kenal pemain sepak bola Tim nasional Portugal sing saiki membela Real Madrid iki? kabek uwong mesthi ngerti keahliane memainkan bola. Percoyo nggak? aku wingi sore ketemu Ronaldo lho, pas iku Ronaldo dolan neng Ponorogo mampir tuku dawet jabung, trus aku kenalan.
Ngerti yen Ronaldo ki pemain sepak bola terkenal gek mumpung ketemu, tak tantang wae Ronaldo main karo aku. Sopo ngerti aku iso menang, aku kan maleh iso terkenal, hehehe... Akhire aku lan Ronaldo metu songko warung golek panggonan sing penak ngge main, disaksikan wong uakeh sing penasaran neng pinggir arena pertandingan.
Awale Cristiano Ronaldo sing asline pemain sayap kanan nyerang aku songko tengah, tak coba menghadang, Ronaldo ganti nyerang songko sayap kiri, aku meh kebobolan, Untung wae pertahananku kuwat. Sui-sui aku yo iso ngimbangi permainane Ronaldo, Aku balek nyerang genti, Ronaldo keteteran. Satu dua loncatan wae aku iso menusuk jantung pertahane Ronaldo, pas Ronaldo lengah Serangan mautku mampu menjebol pertahanan terakhir Ronaldo.
Aku mbengok kegirangan "Skak Mat......!!!!"
Bentengku putih maju sampek baris nomer loro pertahanane rojo ireng, Sterku tak selehne ngarepe rojo ireng pas urute bentengku. Ronaldo kalah, ternyata Ronaldo sing pemain sepak bola terkenal ora patek iso main catur, jgagagagak.....
Nb : Tulisan iki mung Fiktif belaka, kesamaan tokok lokasi dan kejadian memang tak sengojo, paling Ronaldo yo ora bakalan ngerti, upomo ngerti paling yo ra paham, hehehe...
ceritane iki mung guyon tenane ngono opo yo mungkin terjadi? mustahil ketok'e, hehehe...

Wednesday, December 30, 2009
Rongewu Sepuloh
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Tahun baru iki wis tahun 2000 punjule ono 10 taon. akeh cara kangge memperingati tahun baru, koyo to dolan neng pan tai karo pacare, nglencer neng alun-alun karo konco-koncone, opo pesta kembang api lan acara liane sing mbungahne ati.
Tahun baru jare kudu serba baru, semangat baru, prestasi baru hape baru, montor baru, lek perlu celana dalam yo baru, lek dalamnya celana ora baru yo ora popo. hehehe...
Tapi sajak'e tahun iki aku malah susah ora iso dolan, lha piye lho...udan yo baru turun, sawah yo baru ditraktor, jagung yo baru ulur, ora koyo tahun baru kepungkur sing aku iso dolan mergo sawah wis sampe digarap, jagung neng tegalan yo wis janten.
Tahun baru rego sembako baru kabeh, gulo larang rego minyak mundak, tapi mugo-mugo rego gabah tetep larang pas pariku mbesok panen, supoyo poro petani ora rugi mergo pupuk, obat, wineh, banyu, yo podo larang regane.
Tahun baru iki ora enek critane penganten baru, mergo bertepatan wulan suro ora enek sing wani mantu.
Mumpung iki baru taon 2010 ayo podo ngibadah sing akeh ngurangi dosa, jare taon 2012 kiamat? iku yo mung baru katanya, tenane ngono yo sopo sing ngerti.
Tahun baru jare kudu serba baru, semangat baru, prestasi baru hape baru, montor baru, lek perlu celana dalam yo baru, lek dalamnya celana ora baru yo ora popo. hehehe...
Tapi sajak'e tahun iki aku malah susah ora iso dolan, lha piye lho...udan yo baru turun, sawah yo baru ditraktor, jagung yo baru ulur, ora koyo tahun baru kepungkur sing aku iso dolan mergo sawah wis sampe digarap, jagung neng tegalan yo wis janten.
Tahun baru rego sembako baru kabeh, gulo larang rego minyak mundak, tapi mugo-mugo rego gabah tetep larang pas pariku mbesok panen, supoyo poro petani ora rugi mergo pupuk, obat, wineh, banyu, yo podo larang regane.
Tahun baru iki ora enek critane penganten baru, mergo bertepatan wulan suro ora enek sing wani mantu.
Mumpung iki baru taon 2010 ayo podo ngibadah sing akeh ngurangi dosa, jare taon 2012 kiamat? iku yo mung baru katanya, tenane ngono yo sopo sing ngerti.
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Saturday, December 5, 2009
MANTU
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Istilah jowo kangge wong sing ndue hajat pernikahan. Jare wong tuwek taon iki diarani taon dudo, jare taon sing kurang apik kangge mantu ngrejakne manten. Tapi justru malah akeh wong neng desoku sing mantu, wulan iki wae ono patang omah sing ndue hajat mantenan.Kasebut dadi sinoman utowo pemuda sing nyokong suksese hajat tuan rumah, aku sampek ora kerjo pirang-piorang ndino, mulane pirang-pirang ndino iki gak tau apdet, mergo gak ndue duit, lha gak kerjo arep oleh duit ko ngendi? maklum blogger blogspot, blogger yang tidak mencari uang di internet tapi malah menghabiskan uang di warnet, hehehe....yo pantes disebut BOKEP alias Blogger Kere Ponorogo.
Tiap ono hajat mantu poro sinoman wajib hadir songko dino pertama sileh-sileh grabah lan nonjok, dino kepindo becek'an, dino ketelu resepsi temu manten, lan dino terakhir uleh-uleh grabah. lek sak hajatan perlu wektu patang ndino, otomatis aku gak kerjo ono 16 dino. sampek jibeg aku lek gak ndue duit ngene iki. tapi yo enek segi positipe sih, cukup menyenangkan iso ngumpul bareng konco-konco sak deso. luwih-luwih oleh mangan wedangan lan rokok gratis, hehehe...

Terutama acara bengi sing biasane diarani lek-lek'an utowo melek sewengi utuh ngge ngramekne acarane wong mantu. biasane diisi kegiatan sing menurut wong sing gak nggenah diarani penyakit masyarakat, tapi menurutku justru malah mempererat kerukunan antar warga dan pemuda.
Sembrek, sanggong, remi lan permainan kertu liane meskipun gak tau diduiti alias gak pernah dingge judi, permainan iki dadi favorit ngge tombo ngantuk. tapi lek aku paling seneng skak, permainan sing iso mencardaskan otak, mulane aku hobi banget lek kon catur, permainane poro jenius.

Organisasi pemuda neng desoku ndue jeneng KKK (K3) singkatan songko Kumpulan Kaponan Kulon. Yoiku kumpulane poro pemuda-pemudi terbaik harapan Desa Kaponan. Lek tak arani pemuda harapan bangsa dan negara terlalu berlebihan, keduwuren. masalah negoro ben dipikir poro mahasiswa sing isone mung demo tapi ora tau enek hasile iku wae.
Akir kata ucapkanlah selamat datang kangge Cah Ndueso neng dunia maya sing meh enek sewulan gak onlen.
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Saturday, September 5, 2009
Misteri Tengah Sawah
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Nang kulon desoku ono sawah kang ombo banget, ora kur pisan pindo, iki wis bolak-balek tiap jam siji bengi ono suoro sing aneh-aneh, kadang suoro wong wadon cekikikan, "iiih...ih..ih...ih..." kadang suoro macan mbaung, malah bengi wingi jare ono suoro asu jenggong, "Au...Au...Auuuuu..." padahal warga sekitar kene gak ono sing ngingu kirek.
Sing luwih aneh maneh, tiap ono montor liwat tengah sawah, montor iku mesti mogok, ora keno dilakokne kacuali disurung, lan sek akeh maneh kadadean liyane.
Lucune, lek rame-rame, wong akeh moro nang tengah sawah meskipun ditunggu songko tengah wengi sampek isuk yo ora bakal ono opo-opo.
Nah..., lek sampean pernah katemu kedadean koyo mangkono iku aku nyuwun tulung pecahno misteri iki, Lan jawaben pertanyaan iki, Ono opo to sak jane nang tengah sawah iku?
Sing luwih aneh maneh, tiap ono montor liwat tengah sawah, montor iku mesti mogok, ora keno dilakokne kacuali disurung, lan sek akeh maneh kadadean liyane.
Lucune, lek rame-rame, wong akeh moro nang tengah sawah meskipun ditunggu songko tengah wengi sampek isuk yo ora bakal ono opo-opo.
Nah..., lek sampean pernah katemu kedadean koyo mangkono iku aku nyuwun tulung pecahno misteri iki, Lan jawaben pertanyaan iki, Ono opo to sak jane nang tengah sawah iku?
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Subscribe to:
Posts (Atom)