Showing posts with label Niti alam wening. Show all posts
Showing posts with label Niti alam wening. Show all posts

Thursday, February 26, 2009

Niti alam wening

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
Paling dhemen ing wayah tengah wengi aku mesthi thenguk-thenguk nang emper. Ing mangsa udan ngene, udane dadi krasa syahdu. Yen pas mangsa ketiga, rembulan utawa lintang dadi katon ngancani anggonku kepingin ngrasakake weninge wengi. Swara kendaraan sing keprungu adoh saka ngomah gilir-gumanti karo swarane kewan bengi lan kumricike banyu ing kolame tanggaku dadi musik iringan sing merak ati. Sanadyan ana swara-swara, nanging iku malah nyipta weninge atiku. Suntuking pikiran kaya-kaya kaudharake dening swasana iku, lan atiku balik kabiyantu ngenam-nam maneh supaya perkara-perkara ing dina iku bisa menep lan dadi sangu nggayuh katentreman, paling ora sadurunge mapan turu...

Lingsir wengi pancen sok dadi wektu sing becik kanggo menepake urip, apa maneh yen winengku ing sembahyang. Lingsir wengi dadi wektune nenepi, muja semedi lan ngaturake urip marang Gusti kang akarya gesang. Ing kono manungsa bisa katon kamulyan lan kaluhurane marga ana ing marganing kasucian, cinaketan mring Gusti.

Mendah begjane sapa wae sing bisa nduweni wektu wening iku, uripe bakal tumata lan ora nubras-nubras tanpa dhedhasar. Awit kang tumanduk ing wektu iku ora mung pikire dhewe, nanging uga Sabdaning Hyang Manon lumantar Kitab Suci kang kaagem, lan lumantar pengalamaning urip sing dititeni saben dina. Wektu wening iku wektu kanggo niti, niteni abang-ijone urip lan ala becike lelakon. Yen datan duwe wektu wening, tangeh lamun kautamaning urip bisa kagayuh, dibundheli, kaagem lan kawarataake marang pepadha.

Wektu wening - kapan wae bisa kacipta - bisa dadi wektuning manungsa mertanggungjawabake uripe marang pribadine, ing ngarsaning Pangeran lan marang pepadha. [skd]
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info