Showing posts with label lara ati. Show all posts

Friday, October 19, 2012

Karang Samodra

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

tibaning mangsakala ananing tanda
gumaludhug jumegler tanpa kinira
sinawanging akasa minangka pratanda
songah sesonaraning manungsa
den ulat lan upadi jampinira

tumaceping ukara ana ing nala
kang dadi sabab musabab dukitaning jiwa
ulatira nyuwek-nyuwek atining liya

ohh....
opo atosing lesanmu minangka pratanda atosing nala ira
atos pundi kalian karang ing gisik samodra
hehhhh...
den eling kalawan waspada
ilining tirta kang bakal ngikis atosing karang sainggo sirna

SURO DIRO JOYO NINGRAT LEBUR DENING PANGASTUTI
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Sunday, October 7, 2012

Kidung Katresnan

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

sumiliring angin wengi kang nggowo kidung katresnan
hamiyak korining ati kang nandang pedhut
pedhut peteng kang sumebar ana ing ati
satemah agawe suko
sanadyan mung sedelo

nanging....
ati kang nandang peteng dadi anteng
ati kang nandang kuciwo dadi lego
ati kang nandang susah dadi bungah

mugo....
kidung katresnan kang sumilir
ana ing wengi iki
tansah teko marang aku
sanadyan mung sedelo
kanggo ngobati ati kang lagi lara

(tulisan wengi kang lara ati)
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

KIDUNG WENGI KANG LARA ATI

SUMEBAR GONDO KANG HAMBABAR ARUM KATIYUB ING SAMIRONOSATEMAH HANGEBEGI MANAH KANG SANGSOYO LUNGKRAHAMARGO SOKO POLAH PAKARYO KANG SALAHKABEH WUTAH RUMENTAH ONO ING WENGI IKIAWIT SAKA NETRA KANG DUWE TUMINDAK CULIKONAMUNG NGEBAKI HARDANING NEPSU KANG SAUNTOROINGKANG HANDADEKAKE WUTANING MANAH KANG SANGSOYO GERAHTUMETESING WASPO TANPO KIROBEBASAN MLEBER KOYO BANYU KALI KANG LUMAKU TUMUJU SEGOROMUGO BISOA HANGIKIS PADAS PARANG KANG AWUJUD DOSANAMUNG DHUMATENG PANJENENGANINGKANG HANGAKARYO JAGAD LAN ISINEINGKANG MAHA WELAS LAN MAHA ASIH...KAWULA NYADONG WELAS ASIH PANJENENGAN INGKANG SAMPURNO..............AMIN
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

TUWUH LUH

Kroso trataban ana ing dada
Nalika tak bukak lembar-lembar
Kang sumebar

Tak kira ati iki wis garing lir kadya jati aking
Kang ora bisa nuwuhake luh

Nanging ora.....

Milining luh kang lumeber tan saya ndadra
Kaya ilining banyu tumuju samodra
Tan saya santer kang gawe kikising watu
Ana njero ati.....
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Panandang Nala

wewayangnganing netra
ginawang sawang tan kena den rengkuh sanalika
gegayuhan kang kagadang
kaya wis tumapak ana ngarsa
dumadak ilang kagawa samirana

sesanti lan ukara
kang sliramu sebut nalika semana
tan kena ginawe lali lan lupya

ewoning panandang nala
tan kena ndak gawa
awit akehing rasa tresna
kaya wus mbludak lumeber ngebakki segara
binarengan ewoning luh kang tuwus sangka netra

kanggo sliramu
kang tansah ngebakki jagad lelamunanku
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Luh Kang Tuwuh

ilining luh kang tuwuh
ngilangi aboting rasa kang dak sangga
sesanggemaning urip kang kebak rasa
ewuh lan pekewuhing sesolah

tinimbang timbang mahanani ananing renggang
sesorah lan ngelmu kang wus kawedhar
tan bisa dadi jampining rasa
amarga kagubel dening rasa kuciwa

kuciwaning nala kang tansah nelangsa
sangka aboting rasa ina kang tak sangga

rasa panelangsa muga bisa sirna
sinarengan ilining waspa
kang mbleber lir kadya tirta tumuju segara

lilaning ati ngiringi ilanging janji
kang wus kawedar sangka lathi manis
senadyan aboting rasa kaya den iris
kanggo sliramu wong manis
sanadyan piwalesmu amung lamis
kang  tinampa lir kadya madu kang manis

iklasing ati
kanggo sliramu kang ndak tresnani

lamismu kaya madu
kanggo ndeder jiwa kang ragu
tansah tak gadang sliramu dadi wong kang jujur satuhu

aku jik nduwe Gusti Kang Maha Ngerti Saksolah bawamu
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Pupusing Wilangan Setya

Kekidungan wengi kang endah tan kaeling maneh
wewayanganing widodari ilang wigar dadi durga kang hambeg angkara
manising lathi kang den wedar wus kaya ri bebrondhotan kang mahanani laraning ati

tetesing waspa tan kena dak selak'i maneh

sekabehining pangangen kang kagambar ilang musna tanpa tanda

pengen dak tutup ati iki kaya biyen maneh
sanadyan jroning ati remuk tanpo kira-kira

apa wis cukup kang aran setya ndak pupus cukup semene
amarga setyaning ati wus den wales lamising ati