Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.(Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
Thursday, October 8, 2009
Gèk apa kersané Gusti?!

ANA pengalaman cilik sing ngosik atiku wingi pas konsultasi ing dalemé tukang sablon kaos BornJavanese Edisi Pucung. Soré iku ing kana wus ana priyayi setengah baya sing uga gawé kaos kanggo komunitasé. Kenalan singkat sing tanpa nyebut asma ndadèkaké aku ngerti menawa priyayi iku asli saka Padang.
"Bapak asli mana?" pitakonanku mung kanggo basa-basi.
"Dari Padang..." wangsulane karo ndhahar lumpia suguhané sing kagungan dalem.
"Padang? Kerabat ada yang terkena musibah?" aku dadi kepingin ngerti.
"Iya, kena, Mas..."
"Ada yang meninggal?"
"Banyak..." ngendikane sajak kepriyé. Rasaku dadi mak dheg! Swasana wening sawetara, mung keprungu swara srang-srèng minyak gorèng dicemplungi gorèngan.
"Ikut prihatin ya, Pak..."
"Terima kasih, Mas. Kemarin Allah menewaskan Noordin Mohammad Top. Sekarang ganti orang-orang Padang. Apa maksudnya?!" ngendikané ngatonaké ati sing sajatiné njola. Pitakonan iku ora gampang dijawab. Aku dhéwé banjur mung meneng, rumangsa ora prayoga nerusaké diskusi bab iku ing kalodhangan kaya mangkono. Rembugan dak engokaké marang desain kaos sing dipesen Bapak iku.
Turut dalan mulih ngomah, pikirku mung umyeg déning pitakonan Bapak seka Padang iku mau: Kenangapa kok bencana lindhu ing Padang Pariaman ndadak digandhèng-gandhèngaké karo tiwasé Noordin M. Top? Bapak mau sajak ora trima, kok sedulur-seduluré sing ‘tanpa dosa’ sing ‘kudu’ nemahi pralaya merga lindhu gedhé iku?! Kok dudu wong liya sing cetha-cetha penjahat sakaliber Noordin M. Top umpamane?! Gèk apa kersané Gusti?!
Pitakonan iku tumuju marang Gusti Mahakuwasa, apa wenangku? Pitakonan kaya mangkono iku pitakonan ‘terminal’, pitakonan ‘perbatasan’, pitakonan ‘krisis’. Ana kekeran sing siningit sajroning kasunyatan-kasunyatan ing donya iki, sing aku manungsa bisané mung gagap-gagap, neges supaya cipta-rasa-karsa iki ora tansah nggrangsang lan nubras-nubras. Tuna luputé balik dadi pribadi sing mégos kapitayané marang Sing Gawé Urip! “Ah, Gusti Allah ora nge-friend!” “Apa gunané pangibadahku, yèn temahan mung diparingi musibah lan sedulur-sedulurku ilang tan kena kinukub?!” Iki kesimpulan lan pitakonané wong sing lagi krisis kapitayan; pitakonané wong sing lagi nglakoni urip adu arep karo kekeran agung sing ora gampang dimangertèni.
Pepati, musibah, kasangsaran lan lelara wus wiwit jaman Nabi Adam dadi prekara sing tansah ngosik pikiran lan atiné manungsa. Awit patang prekara iku ngèdhepaké manungsa marang kasunyatan menawa dhèwèké iku titah sing winates, ringkih, lan dudu mahakuasa. Sanadyanta sugih mblegedu, utawa dadi ratu pisan, kapinterané sundhul langit, nanging rikala ngadhepi pepati, musibah, kasangsaran lan lelara dadi ora adoh sungsaté karo wong mlarat, pidak pedarakan, utawa wong bodho sing ora tau mangan sekolahan!
Kasunyatan iku sejatine mènèhi pratandha yèn prakara-prakara iku bisa nyawijèkaké umat manungsa, ora mawas marang drajad, pangkat lan kalungguhané, ora ndulu marang status lan atribut-atribut sosialé, lan uga ora mertimbangaké becik-alané! Ing kéné dadi ana tembung ‘pepadha’.
Nanging sing luwih trawaca tumrap aku ngenani musibah lindhu ing Padang sakiwa-tengené lan musibah-musibah sarupa ing papan liya, yaiku kasunyatan menawa urip iki dadi luwih krasa pengaji banget. Wektu samenit, kepara malah mung sakedhèping nétra, nyata-nyata wujud kanugrahan sing patut disyukuri, dipertanggungjawabaké, lan diperjuangaké. Sabanjuré, sumangga kersa Dalem Gusti, awit kabèh samubarang Gusti Allah sing kagungan. [skd]
Thursday, January 22, 2009
Bumi iki bunder!
Nanging anehe, ing sajeroning pikiran lan pangertening manungsa isih sok ana panemu sing primitif bab donya iki. Coba wae rikala awake dhewe caturan bab kabudayan. Donya iki kaya-kaya awujud blebekan papan kang sinigar dadi pirang-pirang bagean: kulon-wetan, lor-kidul, tengah-pinggir! Ana sing diarani "budaya Barat" lan "budaya Timur", "negara-negara Utara" (negara sugih) lan "negara-negara Selatan" (negara miskin). Sing loro keri iki mbokmenawa isih rada tinemu akal marga nganggo dhasar tilas-laku-mayane srengenge. Iku wae isih bisa gawe bingung yen awake dhewe presis ana ing kutub lor utawa kidul! Yen arah jumedhule srengenge dadi landhesan panemu kulon-wetan, Semarang iku wetan tumraping Jakarta, nanging kulon trumraping Surabaya! Dadi, Semarang iku wetan utawa kulon?! Jawabane gumantung saka ngendi anggone nyawang! Dadi, relatif!
Lha, yen ditrepake marang kabudayan, olah pikir lan panemu, kaprigelan lan adat-istiadat, apa sing bisa didadekake dhasar kanggo nitik kabudayan iki "barat" lan sing iku "ketimuran"? Mbokmenawa gegayutan bab iki ana sejarahe dhewe, kapan presise tembung kulon lan wetan dicakake kanggo nengeri cirikhas kabudayan-kabudayan ing donya iki. Nanging dak anggep iku ora relevan maneh!
Awake dhewe isih sok ngarani yen cara mikire wong Amerika, Australia lan Eropa kana iku cara mikire wong (kabudayan) Barat. Dene cara mikire wong China, Kamboja, Jepang, Melayu, Indonesia, India, iku cara mikire wong (kabudayan) Timur. Agama iki duweke wong kulon, dene agama iku duweke wong wetan. Kepara anggone ngarani kaya mangkono mau kinanthen rasa-pangrasa, panggraita lan sikap sing cubriya, serik utawa memungsuhan; yen perlu siaga tata-tata amerangi anyingkiri siji lan sijine sing padha dene nganggep sabrang utawa asing!
Byuuuh...byuuuuh...! Saiki iki wus jamane donya njaba-njero bunder! Globalisasi wus dudu barang aneh maneh. Pasrawungane wong-wong sadonya iki wus ora bisa dipenggak maneh. Papan lan laladan wus ora pati dadi alangan sing pengaji banget. Bukti nyatane, teknologi cellular lan jejaring internet wus dadi barang darbe meh saben wong! "Halloooo...Mister, ini Agus! Walaaah... Agus Aguuus!" - isa dadi conto tandha-tengara anane globalisasi iku. Ambyuking wong sajagad menthelengi televisi kepingin nyipati lan nggatekake pelantikan Barack H. Obama ing Washinton DC uga dadi conto sing anget. Figur Obama sing getihe ireng lan putih, lan wus tau ngalami urip ing jangkaning kiblat papat "kulon-wetan-lor-kidul", ndadekake wong sadonya kaya-kaya duwe gegadhangan anane tokoh sing bundere jagad iki ora mung ana wadhag, nanging uga ana ing njero!
Dening Gusti aku wus kepareng lahir dadi bocah Jawa.
Esuk-awan-sore nyipati plethek nganti tekan surupe srengenge. Dene yen wayah bengi kasunaran lintang rembulan sing gawe tentrem lan padhanging kalbu. Srengenge, lintang lan rembulan iku sing uga mengkoni kabeh wong tunggal sabumi.
Gegadhanganing atiku: kapan aku dadi manungsa sing wutuh,
ora mung saperangan lan datan ilang Jawa-ku. [skd]
Wednesday, April 2, 2008
Nonton filem "Fitna" atine kudu wening!
Pirang-pirang dina iki pawarta-pawarta ing televisi kerep nayangake anane filem sing marahi geger. Judhule "Fitna", garapane anggota parlemen Belanda Geert Wilders. Tanggal 27 Maret 2008 wingi filem kasebut di-upload ing internet ing situs Liveleak, salah sawijining situs video sharing kang mapan ing negara Inggris, kanthi versi bahasa Inggris lan Belanda. Nanging ing dina candhake banjur diilangake maneh merga mbebayani tumrap pengelolane, sanadyan ing 30 Maret banjur di-restore maneh sawuse dianake peningkatan pengamanan. Mangkono ujare Wikipedia.Aksi protes marang filem iku lan ancaman mati kanggo Geert Wilders pating saruwe ing negara-negara mayoritas Muslim. Ora keri wong-wong Indonesia, klebu para alim-ulama lintas agama nolak filem sing ditengarani bisa nyulet derdah lan ngadu-adu antaraning umat beragama. Dina iki ing koran dikandhakake, sing sapa nyebarake filem "Fitna" iku bakal bisa kajiret ing ukuman.
Kaya biasane, saya dilarang malah saya digoleki! Durung suwe kaangkat ing internet, filem iku langsung oleh pamirsa (viewer) sing akeh. Coba wae tumujua ing situs YouTube! Aku mau uga nyoba browsing mrana, penasaran kepingin weruh kaya apa filem iku.... URL sing ngemot videone ora bisa langsung dibukak, kudu login dhisik nganggo akun YouTube, awit wus akeh sing menehi tandha gendera (flag) marang URL-URL sing ana sesambungane karo filem Fitna. Komentar-komentar ing sangisore video isa ditebak, rame lan panas!Jujur, aku mual rikala aku nonton filem Fitna iku ing YouTube! Anggonku mual merga emosiku campuradhuk, antarane kepancing (terprovokasi) dening fakta-fakta sing (kaimpun lan) dituduhake ing kono karo rumangsa sedhih merga nggetunake sumebare filem iku marang sapa wae sing bisa ngakses nanging ora bisa meper emosine nganggo ati sing wening. Ora maidu yen filem iku entuk reaksi keras. Sajake yen filem iku kanggo provokasi, sukses! Kelompok-kelompok sing gampang diadu mesthi wae ora bakal kelangan grubyuk!
Tuwuh pitakonan ing atiku: Gusti Allah sing "kayangapa" toh, sing saiki dak imani, dak sembah, dak pepuji, dak mulyakake lan dak wartaake? Panglimbangku: Rikala agama-agama malah padha regejegan rebut balung tanpa isi, kepara malah nganggo korban jiwaning pepadha, ora maidu yen akeh sing njur padha ora precaya marang agama apa wae! Wong-wong kaya ngono ora marem mung oleh katerangan menawa kabeh agama iku padha wae! Percaya karo Gusti Allah, nanging ora precaya marang agama!
Pandongaku: Dhuh Gusti, nyuwun pangapunten Dalem dhateng sakathahing lepat kawula, kados dene anggen kawula ugi ngapunten dhateng sesami. Kawula nyuwun tinebihna saking panggodha, saha linuwarna saking piawon. Amin.
Kapan atiku bisa bungah lan ayem, yen nyipati lelakon sing mahanani bubrahing kamanungsan? ***
Wednesday, February 27, 2008
Mulane dimimiki ASI wae!
Kanggone bayi paling marahi mencret! Welha...! Mencrete bayi ki wis marahi bingunge wong tuwa jare! Apa maneh sing jenenge bayi udakara umur 1th durung bisa celathu apa maneh nyritaake kahanane awake. Popoke teles wae isane mung oak-oek nangis.
Aku dhewe durung duwe momongan. Kancaku tunggal saomah petak duwe bayi durung ana setahun, nanging wis disapih merga ora doyan mimik ASI ibune. Dadine ya melu dheg-dhegan. Sanadyan ana cara supaya bacteri iku kanetralisir kanthi digodhog ing suhu 70 derajat Celcius sawetara suwe, nanging ya tetep wae kuwatir.
Aku weling marang nyonyahku, sesuk yen duwe bebi sabisa-bisane kudu dimimiki ASI! Mbuh piye carane. Mbok menawa diwiwiti seka rikala ngandhut. Awit aku cubriya uga marang susu formula kanggone ibu-ibu hamil: gek-gek susu formula ibu hamil iku marahi bayi sing dikandhut "ketagihan" utawa tuman marang senyawa-senyawa formula sing wis kaasup rikala ing guwa garba. Mesthi wae kekuwatiranku mung ana ing rasa cubriya wae, wong aku dudu ahli gizi utawa ahli hormon, utawa ahli kandungan!Jarene mbokku, biyen anane ya mung ASI kanggo mimiki aku: murah, praktis tur mesthi digawa nang ngendi wae. Kaya "termos ajaib"! Hehehe... hasile, jos! Nyatane aku saiki isa gawe blog kaya ngene! Hihihi... ASI kan jelas-jelas organik, tanpa bahan kimia lan bahan pengawet liyane toh? Dadi sehat lan penuh kandungan nutrisi sing ora ana tandhinge! Tur maneh, dadi katon mesra antarane ibu lan putra, iki nutrisi batin sing ora bakal diwenehake dening susu formula apa wae. Kaendahane dadi jejering ibu katon banget rikala neteki putrane. Mulane, bebine dimimiki ASI wae, gratis! Tinimbang disusoni sapi, tur larang? Lha!
Ngapa ya, kok ibu-ibu mudha saiki luwih dhemen marang susu formula kanggo putra-putrine? Maneka warna sebabe: ASI-ne ora metu, bayine ora doyan, utawa si ibu isin kasawang dening wong liya (mundhak diarani pornografi!), lsp. Byuuuuuh... Mesthi ana sebab sing maton kanggo ibu siji lan sijine.
Mangga prayoga digatekake.... ***
Monday, January 28, 2008
Makuthaning Urip
Nanging, rikala lonceng kematian wus muni, lembaraning urip kudu katumpuk, wektu iku apa sing wus kelakon bakal wiwit dibiji, dipetani lan didudut liding dongenge, diperes inti sarine! Garapan tulisan wus definitif. Sabanjure kari gumantung sing mbiji, arep diwenehi biji pira, pungkasane arep dilulusake apa ora. Ora ana her-heran barang!
Mangkono iku gegambaraning urip. Makuthaning urip, puncaking urip titah manungsa bakal katon ana ing prastawa kematian! Ing kono iku sing kapundhut Gusti wus ora bisa apa-apa maneh, kari nampa biji saka wong liya, munggahe saka Panjenengane Sing Yasa Urip iki.
Pak Harto, mantan presiden RI sing kaping loro, wus tutup yuswa wingi dina Minggu, 27 Januari 2008, tabuh 13.10 ing RS. Pusat Pertamina. Panjenengane nilarake lembaran sing saiki lagi padha dionceki dening bangsa lan rakyat Indonesia. Mbokmenawa uga dening bangsa sadonya. Panjenengane pancen dadi tokoh kontroversial. Akeh sing ngalembana, nanging uga akeh sing nguman-uman lan nyupatani. Kanthi sedane Pak Harto ana sing rumangsa sedhih kelangan, nanging uga ana sing "kepeksa" kanthi legawa nampa marga "mungsuhe" saiki wis ora ana! Atine durung rumangsa marem marga akeh kasus sing banjur katutup, closed, tanpa oleh-oleh!Nanging sing menonjol saka ulasan-ulasan ana ing televisi lan surat kabar ing wektu iki, wong-wong padha ngonceki lan nyinaoni jasa-jasa kabecikane Pak Harto rikala isih sugeng lan ngabdi marang bangsa lan nagara Indonesia. Upacara pangruktining layon nganti tekan pinethak ana ing pasarean Astana Giri Bangun Karanganyar, lan akehing wong sing isih padha suyud marang Pak Harto, ngatonake kayangapa "mekuthaning urip" dipasangake marang swargi Pak Harto.
Aku dudu aktivis utawa pengamat politik. Rikala dadi mahasiswa ya melu ngregengake demo ing Pisowanan Ageng tgl. 20 Mei 1998 ing alun-alun Kraton Ngayogyakarta dadi relawan penanganan korban, lan melu surak-surak ing dina Kemis 21 Mei 1998 rikala Pak Harto lengser. Nanging, ing ati iki jujur aku melu rumangsa kelangan salah sawijining putra bangsa sing pinilih lan wis ngaturake darma bektine marang bangsa Indonesia. Kudu diakoni, Pak Harto pancen tokoh pinunjul. Dak kira aku ora perlu ngomong akeh-akeh bab iki. Saliyane, kareben dikubur bareng karo layone.
Aku mung kepingin ngambu ganda arum! Emoh ngambu ganda bosok! Aku seneng ngembangake gegambaran smiley sing wus disandhangake ana ing sebutan The Smiling General, tinimbang gegambaran sing marahi ati drengke lan srei.
Sugeng tindak Pak Harto!
Friday, December 21, 2007
Dhandhanggula Sida Asih - Natal
Pamuji mba, dhuh Hyang Agung GustiHamba memuji-Mu, ya Allah Mahaagung / karena Putra-Mu telah turun menjelma / dalam kerapuhan sesosok bayi / di bumi yang penuh kesulitan / Lihatlah musibah-musibah kami / air bah dan angin topan / menjadikan tanah longsor / Pertanda robohnya hati manusia / yang meninggalkan kasih dan keadilan / Tetapi hamba-Mu tetap percaya…
wit Putran-ta wus tedhak manjalma
ringkih njalmi pindha lare
ing bumi kebak sandhung.
Mala reretu den priksani
banjir warih bebandhang
damel siti jugrug.
Jugruging ati pra jalma
kang anilar katresnan lan sipat adil.
Nging mba tetep pracaya
Sugeng Natal 2007 & Warsa Enggal 2008! ***
Monday, November 5, 2007
Sing digoleki, sing bakal tinemu!
Pamedhare Joko LodhangYen diupadi bedane, bakale mesthi ketemu apa wae sing beda.
pranyata sasmita gaib
jumejere dadi jangka
sapa wae kang hangrantu
mangka pituduh yekti
margining gesang rahayu
yuwana lan niskala
tan minger keblating Widhi
pegat-pegat anyegat wijiling kodrat
Semono uga yen diupadi padhane, ya bakale mesthi ketemu apa wae sing padha.
Yen sing apik diupadi, samubarang sing apik bakal tinemu.
Yen sing ala diupadi, ya samubarang sing ala bakal tinemu.
Kari tlonjonging ati kepingin sing endi:
nggoleki sing beda, apa sing padha?
nggoleki sing becik, apa sing ala?
Sapa sing ngupadi, tundhone bakal nemokake! (bdk. Mat 7:8)
Sumangga. ***
Sunday, November 4, 2007
Gegarane Wong Akrami
Gegaraning wong akrami
Dudu bandha dudu rupa
Amung ati pawitané
Luput pisan kena pisan
Yen gampang luwih gampang
Yen angèl, angèl kalangkung
Tan kena tinumbas arta
Mak bedunduk ana ing ati aku kelingan marang pupuh tembang kang karipta dening R. Ng. Yasadipura, Pujangga kawentar saka kraton Sala. Esuk mau aku banjur muter VCD, rekamane kelompok campursari Sangga Buana. Judhule tembang "Lg. Dadi Ati" nganggo dibawani pupuh tembang iku mau. Mak nyessss rasane, mak prinding githokku, sasat kaya kumleyang ragaku marga ngrasa-ngrasaake surasane.
Rikala dak goleki ana ing internet, jebul pupuh iku wus akeh sing ngutip. Melu-melu! Hehehe...soale aku lagi nyawisake ati, tata-tata arep dadi manten!
Pupuh ndhuwur iku klebu tembang Macapat Asmarandana.
Tembang Asmarandana umume kanggo wong sing lagi gandrung kapirangu. Yen dideleng wantah, Asmarandana dijupuk seka asmara kang artine tresna, lan dahana kang artine geni. Mula saka kuwi, Asmarandana isine wuyung lan samubarang kang magepokan karo tresna.
Biasane pupuh iku sok ditembangake kanggo bawa sekar ana ing pawiwahan utawa mantenan (hehe...silak pengen dadi manten aku!). Pas banget minangka piwulang kanggo sapa wae sing arep mbangun brayat. Sanadyan gathuking ati pasangan temanten iku kudune wis suwe kelakon, nanging tembang iki bisa dadi pepeling, ngelingake yen katresnan jati iku dununge ana ing ati. Arepa bar kuwi, bar dadi manten, urusane luwih pepak. Jangkeping ati ya mesthine cak-cakaning katresnan iku ing urip sabanjure. Lha, iki sing marahi ati mau mak dheg! Antebing karep katantang, wani apa ora? gelem apa ora? Gelem ora gelem, pancene kudu ngono!
Saben wong dak kira sarujuk menawa "ati" kuwi pancen gegaraning urip. Awit, ati (heart) iku salah sawijining pandoming laku angga priyangga. Yen oleh kasebut papan, ati iku papaning janma bisa cecaketan karo Gusti Allah kang yasa uripe kabeh kang tumitah. Semono uga, ati uga asring dadi dhasar anggone mbangun paseduluran, nyawang lan naliti pengalamaning urip kanthi luwih jero. Saka ing kono bisa mijil sikap lan prabawa sing asli. Sipating wong biasane tumuju marang atine. Mula, ati sok angel diselaki.
Klebu bab jejodhoan. Yen ati wus muni, bandha lan rupa ora dianggep! (Kejaba yen pancen tlonjonging ati mung tumuju marang rong prekara iku! Ana ya, wong kang nggadhekake ati marang prakara-prakara iki!) Yen ati wus jodho, apa wae bakal kajangkah.
Aku kadhang sok ngungun dhewe, sejatine "tlonjonging atiku", "antebing atiku" iki tumuju marang ngendi? Rasane kaya ora ana sing didadekake garan yen atiku isih miyar-miyur ngadhepi urip sing bakal kelakon. Rikala wus ana sing diantebi, rasane urip iki dadi nggenah, lakune dadi krasa entheng, dalane kaya kasunaran pepadhang. Sanadyan ta kanthi ana sing diantebi, iku mratandhani ananing cecawis sawektu-wektu ngadhepi resiko. Pancene kudu mangkono!
Kepriye yen atiku kleru?! Pancen aku kudu tansah sadhar, atiku ora sing paling bener dhewe. Atiku isih kudu tansah digegulang kepriye bisane supaya luwih lantip lan pener. Nggegulang ati bakale pancen ora ana kendhate. Awit, sapa ta aku iki? Aku dudu Gusti sing yasa urip!
Sik...sik... kok dadi saya jero ta iki?
Ah...leren dhisik. ***
Tuesday, October 16, 2007
Kelangan Kiblat
Aku isih kelingan dina-dina sepisanan mapan ing Jakarta. Yen aku takon marang pawongan liya bab dalan utawa lokasi tertamtu aku ora nate krungu tembung “wetan-kulon-lor-kidul”. Sing diango nuduhake arah, yen ora “kiwa-tengen” ya “sawuse-sadurunge”! Balik yen aku sing ditakoni trus anggonku nerangake kanthi migunaake kiblat miturut kompas, sing takon malah bingung lan njaluk supaya diterangake nganggo “kiwa-tengen”!
Pancen, nerangake nganggo rong tembung iku dadi luwih gathuk. Dhasar gampang lan prasaja. Nanging tuwuh pitakonan ing atiku: iki perlambang apa?! Kok tembung “kiwa-tengen” luwih populer tinimbang “wetan-kulon-lor-kidul”? Aku krasa kaya-kaya ana surasaning urip sing ditinggalake, utawa kanthi ukara liya: ana sing kudu luwih digatekake tinimbang kawruh kiblat sacara wadhag.
Nanging, ing njabaning papan pangibadah, kiblat sing kanggo malik grembyang dadi “kiwa-tengen”! Plethek lan suruping srengenge mbokmenawa pancen arang disipati wong Jakarta. Mbokmenawa marga katutupan gedhung utawa pedhut polusi. Kamangka arah soroting srengenge kuwi bisa kanggo nuduhake kompas (kejaba yen pas tengah awan presis). Mula wong-wong padha milih “kiwa-tengen”. Yen dijereng maneh, pilihane dadi “kiwa-tengen”, “ngarep-buri”, “maju-mundur”, “kurang-kebablasen”, lsp. Nanging sing paling “fatal” tetep “kiwa-tengen”, arep ngiwa apa arep nengen? Kleru milih sijine bakale luput utawa kesasar anggone andon laku. Yen kudune ngiwa malah nengen, utawa suwalike, temahan ora tekan papan sing kaangkah!
Jakarta wus kawentar kutha metropolitan sing paling gedhe ing Indonesia. Kabudayane wus “heterogen” banget. Ikatan sosial antarane wong siji lan sijine luwih kabangun dening linkungan pakaryan, pasrawungan, hobby lan minat. Sipate luwih “kategorial” tinimbang “geografis”. Kontrol moral lan sosial dibalekake marang kadewasane saben pribadi. Sing diarani “bebas” saka pranatan sosial pancen isa kelakon temenan. Saben wong bisa ndhelik ing satengahe “ombyokan” kanthi identitas sing “anonim”.
Ing swasana sing kaya mangkono iku yen awake dhewe ora duwe “kiblating laku” sing gumathok, bakale nubras-nubras ora karuan. R. Ngabei Ronggowarsito ing Serat Kalatida, tembang Sinom pupuh kapitu (kurang luwih sinerat th. 1860) ngandika mangkene:
Amenangi jaman edan, ewuh aya ing pambudi, melu edan nora tahan, yen tan melu anglakoni, boya kaduman melik, kaliren wekasanipun, ndilalah karsa Allah, begja-begjane kang lali, luwih begja kang eling lawan waspada.
Hidup di zaman edan, betapa susahnya, ikut edan tidak tahan, jika tak ikut tak kebagian, akhirnya bisa kelaparan, sudah kehendak Allah, betapa senang hidup menyimpang, lebih bahagia hidup dengan kesadaran dan kewaspadaan).