sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.(Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
Showing posts with label Jepara. Show all posts

Saturday, November 12, 2011
Pepunden-pepunden Wonten Kelurahan Saripan
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Kirang langkung kalih kilometer (2 Km) sangking pendapa Kabupaten Jepara wonten kelurahan ingkang naminipun Saripan. Kelurahan Saripan punika taksih kalebet wonten kecamatan Jepara, Kabupaten Jepara. Nami Saripan punika amargi rumiyin wonten ulama saking keraton Surakarta, ingkang asmanipun Pangeran Arif. Pangeran Arif kaliyan rencangipun, Asmo Moliki ngumbara murih nyebaraken agami Islam wonten wilayah Jawi sisih ler. Nalika piyambakipun ngumbara, Pangeran Arif kepanggih kaliyan utusan saking Mataram ingkang asma Mbah Dirjan.
Saklebetipun ngumbara, Pangeran Arif, Mbah Moliki, lan Mbah Dirjan manggihi papan ingkang nengsemaken. Papan kala wau asri lan ugi wonten lepen ingkang toyanipun bening lan resik sanget. Ing papan wau wonten ingkang baureksa inggih punika sawer ingkang ageng sanget, sawer wau nggadhahi wiso ingkang mandhi. Saksanesipun sawer ugi wonten banas pati, uling lan sakbangsanipun. Warga sakcaketing papan kalawau sami boten nyaketi lepen menawi boten wonten kabetahan ingkang sanget.
Pangeran Arif sakrencangipun ngupaya supados ing lepen wau saged dipun ginakaken warga. Kanthi ngedalaken sedaya kasudiran ingkang dipun gadhahi, Pangeran Arif sakrencang ngraosaken sawer lan bangsa-bangsa sanesipun. Lajeng, lepen kalawau dipunparingi nami Wiso utawi Kali Wiso. Pangeran Arif sakrencang mesanggrah wonten papan punika ngantos sak sedanipun. Papan kalawau dipun paringi thethenger Saripan ingkang asalipun saking tembung Sarine Papan.
Kawontenan Pangeran Arif sakrencang wonten Kelurahan Saripan menika saged dipanggihi patilasanipun wujud pasareanipun papunden-pepunden menika. Pasareanipun Mbah Moliki kirang langkung 2Km saking pendapa Kabupaten. Pasareanipun Pangeran Arif dipunwastani warga Pasarean Pangeran Sarip.
Ngantos sakmenika pasarean pepunden-pepunden kalawau taksih wonten, lan dipunreksa warga kanthi sae. Warga ingkang kagungan kersa, lan pitados murih saged lancar boten wonten alangan punapa-punapa langkung rumiyin nyekar wonten papan-papan punika.
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Monday, December 6, 2010
RATU KALINYAMAT
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Habib Ahmad kang lair ing kota Hajren, Yaman taun 1255 H utawa taun 1836 M, iku sowan ing Indonesia yaiku ing kota Pekalongan. Dheweke nyawang kahanan kota Pekalongan kang isih mbutuhake dukungan Syari’at Islam, akhire dheweke netep manggon ing Pekalongan.
Habib Ahmad ing Pekalongan nindakake tugas dadi imam masjid Wakaf kang ana ing Jalan Surabaya Pekalongan. Saka ketekunan lan kepemimpinan Habib Ahmad, masjid iku dadi rame lan akeh jama’ahe, sahingga dheweke ngrenovasi masjid iku kanthi nyukupi kebutuhan masyarakat Pekalongan. Istimewane Habib Ahmad yaiku apal Al Quran 30 juz kanthi lancar lan apik.
Habib Ahmad iyo ndirikake Madrasah Salafiyah kang ana ing sebelahe masjid Wakaf mau. Saking pesate majune Madrasah Salafiyah mau, akeh alumni kang dadi ulama lan tokoh masyarakat. Madrasah Salafiyah iku saiki dadi perintis sekolah-sekolah Islam kang berkembang apik ing Pekalongan.
Ing sawijining dina, Habib Ahmad ketemu wanita kang durung ngerti Ihwal Habib. Wanita iku ora nganggo jilbab, Habib Ahmad langsung mbenthak marang wanita iku “ Tutup sirahmu !“. Wanita iku nyawang Habib Ahmad karo bingung. Wanita iku dipenthung nganggo tongkate nganthi tatu. Habib Ahmad mung kepengin nindakake tugas agama lan tujuane supaya wanita iku nutup aurate. Nanging wanita iku nglaporake tindakane Habib Ahmad marang polisi. Polisine langsung ngongkon stafe supaya nekakake Habib Ahmad, nanging Habib Ahmad pra bisa teka. Polisi iku heran lan njaluk dituduhake Habib Ahmad saka kadohan.
Sawijining Habib Ahmad mlaku arep bali saka masjid Jami’ lan wis cedhak jarake saka polisi, polisi iku ngadheg ngalangi ing tengah ndhalan lan saben Habib nyedhaki polisi kuwi mundur memburi, akhire dilewati Habib Ahmad. Polisi iku langsung bali neng kantore lan crita karo stafe yen sejatine dheweke arep nangkep Habib nanging pas nyedhaki Habib, dheweke weruh singo loro ing sisih kanan kirine Habib Ahmad. Saka iku kang gawe dheweke wedhi lan meh wae mlayu. Polisi iku ngongkon wanita kuwi ngadu ing “Regent” kang kebeneran kenal karo Habib Ahmad cedhak. Sawise ngerti apa kang kedadean, dheweke ngundhang dhokter kanggo ngobati tatune wanita iku lan menehi sepuluh Golden saka sak’e dheweke lan ditrima wanita iku kanthi atine bungah.
Tindakane Habib Ahmad sok-sok nganthi nganggo tangan. Sanajan koyo kuwi, masyarakat ora tau ngadohi lan sewalike malah trisno lan kagum karo niat apike. Tindakane Habib Ahmad dilakokake kanthi ikhlas tanpa pamrih karo nindakake perintah Allah.
Masyarakat Pekalongan ngerti lan kenal Habib Ahmad iku wong kang Zahid ( ora seneng marang tindakan kemewahan duniawi ). Sering nolak hadiah kang ora jelas sapa kang menehi hadiah iku.
Habib Ahmad mbuka pengajian umum ing masjid, sakliyane mimpin sholat jama’ah lima wektu, nindakake wirid lan dzikir, sholat-sholat sunah kang utama sholat sunah rowatib kang ngiringi sholat fardhu. Amalane dheweke yaiku maca siji juz Al Quran ing njero sholat tahajud ing tengah wengi lan siji juz dilakokake pas wektu sholat sunah dhuha, nindakake puasa sunah kang dianjurake agama
Ketekunan Habib Ahmad ing nindakake ibadah, keikhlasan lan kasih sayange karo wong akeh kang lemah sarta ketegasane ing nglakokake Amar Ma’ruf Nahi Munkar kang gawe Habib dadi idola masyarakat Pekalongan lan nyebar ing tengah wong akeh riwayat-riwayat kedadean luar biasa ( khowariqul Adah ) kang dikenal “ Karamah “.
Nyritakake karamah-karamah kuwi ing njero catetan iku gawe riwayat urip kang dirancang singkat iki. Riwayat iku dadi cerita rakyat kang akeh dituturake lisan saka wong akeh. Sebabe ing catetan iku ora perlu dituturake maneh. Cukup neng kene wae dituturake peristiwa-peristiwa luar biasa iku.
Habib Ahmad dikenal “ Habib Keramat “ ing tengah masyarakat Pekalongan. Kang akhir hayate Habib Ahmad ngalami patah tulang neng pangkal pupune, akibate saka tibo. Bab iku nyebabake dheweke dadi ora bisa mlaku. Awit kuwi Habib Ahmad ora nglakokake kegiatan ing njobo nanging ngalihake kegiatane ing omahe kaya sholat jama’ah lan pengajian. Penderitaane kuwi nganthi wafate ing malem ahad, 24 Rajab 1347 H utawa taun 1928 ing umur 92 taun. Dheweke dimakamke ing Pekuburan Sapuro Kotamadya Pekalongan. Nanging peringatan Haul ( ulang taun ) wafate saben tanggal 14 Sya’ban kang ditekani ewunan umat Islam, nganthi Habib-Habib liyane, para ulama lan pejabat pemerintah. Nganthi akeh kang padha teka saka luar negeri kaya saka Singapura, Malaysia, lan Timur Tengah. Amarga keagungane lan kesolihane, saben dina makame Habib Ahmad dikunjungi para peziarah saka luar kota Pekalongan.
Jenazah Habib Ahmad disholatake ing masjid Jami’ Pekalongan lan ditekani umat Islam nganthi madeti kota Pekalongan. Meh kabeh penduduk kota Pekalongan uga luar kota nguntabkake jenazahe Habib Ahmad ing panggonan terakhir. Durung tau ing kota Pekalongan ana pengantar jenazah kaya wafate Habib Ahmad iki.
Bisa dikandhakake yen dina kuwi yaiku dina jumat kelabu kanggo umat Islam Pekalongan khususe puluan ewu umat Islam tumplek-blek madeti masjid Jami’ Kauman Pekalongan, alun-alun, saka ndhalan masjid nganthi panggonan makam Sapuro sesak umat Islam kang pengin nguntabkake jenazah kang Mulia iku kanthi pasukan keamanan lalu lintas. Ing upacara pemakaman iku ditekani para ulama lan Habib saka kota, kaya Jakarta, Semarang, Surabaya, lan Bogor.
Makame Habib Ahmad nganthi saiki isih ana wujude lan mesthi ora tau sepi pengunjung. Sakliyane iku, ing njero tengah kampung Sapuro ana Mushola kang dipercaya warga Sapuro yen mushola iku peninggalane Habib Ahmad. Ing mushola iku rame dipercaya mitos, saben malem jumat kliwon kang akeh pengunjunge. Mushola iku rame amarga pengunjung padha wudhu lan sholat ing mushola kono. Sakliyane wudhu lan sholat uga padh adus ing tengah wengi amarga dipercaya banyu ing mushola iku bisa njangkepi kekarepan wong kang padha mampir ing mushola kono. Nanging iku gumanthung kepercayaane atine dhewe.
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Tuesday, November 2, 2010
KUTHA JEPARA
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Kutha Jepara menika saking tembung Jugmara (Ujung Muara) lan dipungantos dados Jepara, wonten maleh ingkang nyebat Ujung Para. Wiwit abad XVI wilayah menika sampun dipunsumerepi tiyang kathah mawi asma kutha Bandar.
Miturut Tom Pires panyerat Suma Oriental, Jepara nate dados pelabuhan militer, kinten-kinten taun 1470 M. Jepara nembe dipunanggeni 90-100 tiyang kang dipunpimpin Aryo Timur. Mawi patraman lan kauletan Aryo Timur saged ngubah Jepara dados Kutha Bandar ingkang ageng. Taun 1570 Aryo Timur dipungantos putranipun ingkang asma Pati Unus kang tasih timur (17 taun).
Pangarsanipun beliau, Jepara ngembangaken armadha perang lan ugi nggantos papan menika dados armada niaga ingkang endah lan ageng sanget. Pati Unus ugi ngirim armadha perang datheng Palembang kangge nyerang Portugis ingkang nguwasani Malaka (1513). Menika kang dipungayuhaken dening Pati Unus boten kaleksanan, inggih menika kalah. Pramila dipungantos sedherekipun kang asma Fatahilah (1513-1536). Jepara nate mbiyantu Fatahilah nalikane ngrebut Banten lan Sunda Kelapa. Nalika Sultan Trenggono dados pangarsa ing kedhaton Demak Bintoro wonten ing rerebutan pangarsa menika Hadirin ingkang garwanipun Retno Kencono seda dipunpejahi dening Aryo Penangsang.
Keraosanipun Retno Kencono boten penggalih, saengga tapa ing bukit Danaraja. Retno Kencono ngumbar janji bilih Aryo Penangsang dereng seda boten ngrampungi anggenipun tapa. Gegayuhanipun kalaksanan nalikane Sutawijaya saged mejahi Aryo Penangsang kaliyan Tombak Kyai Plered. Retno Kencono mandap saking anggenipun tapa lan dipun dadosaken adipati Jepara kanthi gelar Kalinyamat wonten ing 12 Robiul Awal 956 Hijriyah utawi 10 april 1549 M, dipun tandhai kaliyan Canra Sengkala “Trus Karya Tataning Bumi”, saengga wiwit menika dados adidhasar panetapipun dinten dadosipun kutha Jepara.
Pangarsanipun Kalinyamat, Jepara dados adipati ngantos 30 taun luwih. Seni ukir wiwit ngrembaka ing kutha menika katingal saking ornamen Masjid Mantingan papan panggenan Pangeran Hadirin dipunmakamaken.
Kalinyamat dipun gantos putranipun ingkang asma Pangeran Jepara (1579-1599). Ing pungkasan abad XVI kadipaten Jepara dipunserang bala tentara kerajaan Mataram. Saksampunipun peperangan boten wonten penguasa utawi pangarsa. Nalikane Jepang ing Indonesia, jabatan bupati dipun astha dhening RAA Soemitro Koesoemo Oetoyo ngantos Desember 1949, ngantos sakmenika sampun wonten 13 bupati ingkang mimpin Jepara, kalebet Drs. H. Hendro Martojo, MM.
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Monday, November 16, 2009
ASAL USULE DESA TELUK AWUR JEPARA
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Jaman biyen ana sawijine Syeh kang manggon ing dusun Jondang, udakara 3 km sakulone Jepara. Syeh kuwi asmane Syeh Jondang. Syeh Jondang kuwi priya sing bagus rupane. Syeh Jondang duwe garwa, asmane Ni Badralangu. Ni Badralangu kuwi wanita sing sulistya ing budi lan pancen ayu tenan. Wong loro padha urip bebarengan kanthi tentrem, andum rasa asih. Ana apa wae mesti dilakoni bebarengan. Sing sabenere penggalihe Syeh Jondang lagi nandang susah amarga kelangan adhi lanang sing banget ditresnani. Syeh Jondang ora reti ana ngendi saiki adhine tunggal welad kuwi. Syeh Jondang banjur ngumbara nggoleki adhine. Sasuwene ngumbara nggoleki adhine penggalihe ora tentrem amarga tansah kelingan marang garwane sing banget ditresnani yaiku Ni Badralangu sing ana ing omah dhewe.
Syeh Jondang duweni karep buka tegalan. Tegalan kuwi arep ditanduri pari lan jagung kanggo pangan sedinane. Lemah sing kanggo tegalan kuwi ora adoh panggonane saka daleme Syeh Jondang. Wiwitane Syeh Jondang sregep anggone nyambut gawe, nanging saya suwe gaweyane ora dirampungake, amarga tansah kelingan marang Ni Bdralangu. Saben dina mung wira-wiri saengga tegalane ora diopeni kanthi bener. Ni Badralangu dadi prihatin, reti yen pegaweyane ing tegalan ora rampung-rampung dening Syeh Jondang.
Ing sawijine dina, Syeh Jondang bali saka tegalan, nanging lagi saka omah, mula Ni Badralangu gumun. Ni Badralangu celathu, “Kangmas apa nggone buka tegalan wis rampung, sesuk wis arep ditanduri jagung ta?”
Krungu celathune garwane, Syeh Jondang mung mesem banjur mangsuli, “Ni Badralangu, tegalane durung rampung mula ya durung bias ditanduri.”
“Kangmas, apa ana alangan sajrone panjenengan buka tegalan? Apa ana sing ngridhu penggalihe Kangmas, saengga ora rampung-rampung nggone buka tegalan.”
Ni Badralangu, sasuwene iki atiku ora kepenak yen ninggalake sliramu dhewe ing omah. Lagi sedhela wae tekan tegalan, Kangmas pengin cepet mulih amarga kelingan pasuryane Dhiajeng.”
“Ah, Kangmas ki ana-ana wae. Dhewe k iwis ora nganten anyar maneh tur wis suwe nggone urip bareng lha kok isih kaya wong sing lagi kasmaran wae.”
“Pancen mengkono nyatane, Dhiajeng. Menawa Kangmas nyambut gawe suwe ana tegalan mesthi tansah kelingan pasuryanmu.”
“Yen ngono, Dhiajeng duwe cara supaya Kangmas bias nyambut damel kanthi rasa tentrem menawa Dhiajeng ing omah dhewe. Kangmas damel gambare Dhiajeng banjur gambare diasta menawa Kangmas nyambut dame ling tegalan, kanthi cara iki Kangmas ora grusa-grusu nggone nyambut damel.”
“Bener kandhamu Dhiajeng. Iya mengko Kangmas wiwit nggawe gambarmu.” Syeh Jondang wiwit nggambar Ni Badralangu. Dhasare wis pinter nggambar mula asile ya apik lan maremake. Antarane pasuryane Ni Badralangu lan gambare ora ana bedane. Esuke Syeh Jondang bias nyambut gawe kanthi ati kang ayem tanpa grusa-grusu pengin mulih ngomah. Ing tegalan gambare Ni Badralangu diselehake ana ing lemah banjur ditindhihi lemah supaya ora katut angin, banjur Syeh Jondang megawe kanthi sengkut.
Ing sawjine dina, Syeh Jondang macul kanthi sengkut, dumadakan ana angin gedhe ngaburake godong-godong garing lan gambare Ni Badralangu uga melu katut angina. Syeh Jondang nggoleki gambare garwane, nanging ora ketemu. Penggalihe Syeh Jondang dadi sedhih.
Ana pawarta yen gambare Ni Badralangu kuwi katut angina nganti tekan keratin, sing rajane isih mudha. Raja kuwi pirsa gambare Ni Badralangu. Barang pirsa gambare Ni Badralangu sing sulistya ing warna, Raja dadi kasengsem lan marakake rasa tresna ing atine. Esuke Raja dhawuh marang patih lan perjurite nggoleki sapa sejatine wanita ing gambar kuwi. “Aja nganti mulih ing keraton yen durung bias nemokake sapa sejatine wong ayu ing gambar kuwi,” ngendhikane Sang Raja.
Nggone nggoleki wong wadon sing ana gambar kuwi yaiku Ni Badralangu pranyata butuhake wektu sing ora sedhela. Sakwise nepungake, sang patih banjur ngendika yen dheweke diutus Raja nggoleki wanita ing gambar kuwi sing ora liya Ni Badralangu. Barang krungu ngendikane sang patih, Syeh Jondang sedhih atine amarga bakal kelangan Ni Badralangu, nanging dheweke kudu manut marang prentahe Sang Raja. Ing jero penggalihe Syeh Jondang mikir, kepriye carane supaya Ni Badralangu bisa dadi duweke maneh. Sadurunge Ni Badralangu diboyong ing keraton, dheweke pamit lan janji prasetya marang Syeh Jondang. Ni Badralangu njaluk marang Syeh Jondang supaya diparani ing Keraton.
Syeh Jondang goreh atine nggone mikir kepriye carane supaya bisa nemoni garwane. Syeh Jondang duwe cara yaiku kanthi nyamar dadi tukang kentrung. Syeh nabuh kentrung karo ngubengi kraton lan asring ing keputren. Ni Badralangu reti yen kuwi Syeh Jondang, sigaraning nyawa sing banget ditresnani. Ni Badralangu jaluk marang Raja, ditanggapna tukang kentrung sing ora liya ya Syeh Jondang.
Krungu panjaluke Ni Badralangu, Sang Raja ngendika, “yen sliramu pancen seneng, aku dak ngutus punggawa keratin supaya nggoleki tukang kentrung kuwi. Kekarepane Syeh Jondang bisa keturutan, ketemu Ni Badralangu. Syeh Jondang ngnetrung ing kraton. Ni Badralangu jaluk marang Raja supaya tukang kentrung asring ditanggap ing kraton kanggo nglipur atine. Sinuwun nuruti apa wae kang dadi pepengine bakal bojone kuwi, nanging sinuwun ora reti yen kuwi mung akal-akalane Ni Badralangu supaya bias asring ketemu Syeh Jondang.
Ni Badralangu kekarepane saya rena-rena. Dheweke jaluk marang Sang Raja supaya digolekake bukur bondhan ing segara. Yen pancen sinuwun tresna lan pengin Ni Badralangu dadi garwane mula sinuwun kudu bias nuruti kekarepane Ni Badralangu sing pungkasan iki. Bukur bondhan kuwi kudu Sang Raja dhewe sing golek.
Sang Raja wis kadhung tresna marang Ni Badralangu, mula apa wae kang dadi kekarepane mesthi dituruti. Sang Raja nyamar dadi tukang miyang banjur menyang segara saperlu golek bukur bondhan. Rasukane ditinggal ing kraton. Ni Badralangu rada gumun nalika Sang Raja buka rasukane, pasuryane mirip karo garwane, nanging arep kaya ngapa rasa tresnane isih kanggo Syeh Jondang, guru lakine.
Nalika Sang Raja menyang segara, kanthi sesingidan Syeh Jondang mlebu kraton. Syeh Jondang ngagem rasukane Sang Raja sing ditinggal mau. Ni Badralangu gumun, pirsa pasuryane garwane sing mirip karo Sang Raja. Sinuwun sing sejatine Syeh Jondang kuwi gawe rantaman arep ngumpulke perjurit. Para perjurit ora ana sing cubriya yen sing ngendika kuwi dudu rajane. Syeh Jondang ngendika, “Ing wektu iki negarane dhewe ana ing bebaya, ana musuh sing nyusup ing negarane dhewe. Saiki musuhe dhewe nyamar ana ing teluk dadi tukang miyang. Mula ayo padha dicekel banjur dipateni, supaya negara kalis saka bebaya.
Barang krungu prentahe Syeh Jondang, para perjurit budhal menyang segara utawa teluk. Pancen bener ing teluk kuwi ana wong sing lagi nggolek bukur. Para perjurit banjur ngepung lan mateni wong mau. Nalika dikepung kuwi wong sing sejatine rajane kuwi ngendika, “He rakyatku, geneya padha nyerang aku, aku iki rajamu, aja ngawur wae.”
Para perjurit ora ana sing nggantekake rajane, nganti rajane seda amarga diserang dening perjurit dhewe. Mayite Sang Raja digawa menyang kraton supaya Raja percaya yen wong miyang kuwi wis mati. Krungu pawarta iki Syeh Jondang lan Ni Badralangu seneng banget, nanging rasa bungahe kuwi ora suwe barang reti yen raja sing dipateni kuwi sejatine adhine Syeh Jondang sing wis suwe ilang. Syeh Jondang banget nggone getun nganti ngungun, amarga wis ngutus perjurit mateni adhike, lan perjurit kuwi ngawur mateni rajane.
Keraton lagi belasungkawa. Sakwise adhike di kubur, Syeh Jondang diangkat dadi raja, ngganteni adhine. Kanggo ngelingi adhine sing wis dipateni dening perjurit sing ngawur kuwi, teluk kuwi diwenehi jeneng “Teluk Awur” dening Syeh Jondang. Saiki desa sing cedhak karo teluk kuwi diwenehi jeneng Teluk Awur.

Monday, September 28, 2009
ASAL MULANE DESA KANCILAN
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Ing kabupaten jepara, nalika jaman biyen ana salah sawijine papan panggonan sing isih awujud alas. Nanging ing alas sing isih rengket banget iku mau ana sing manggoni. Sing manggoni ing alas iku yaiku sakpasang kakang adhi lan sakpasang bojo lanang wadon. Sakpasang kakang adhi mau jenenge Mangun Jati lan Mangun Sari, dene sakpasang wong lanang wadon mau jenenge Mbah Kari Beker lan Mbah Nini Beker. Mbah Kari Beker iku bojone Mbah Nini Beker.
Antarane Mbah Kari Beker lan Mbah Nini Beker kaliyan Mbah Mangun Jati lan Mbah Mangun Sari iku padha-padha sedulur tunggal guru. Sing dimaksud sedulur tunggal guru yaiku dudu tunggal sedulur kandung nanging padha padha tau maguru utawa golek ilmu ing padepokan ing negeri sebrang.
Bareng wis padha-padha manggon ing alas sing isih durung tau dipanggoni manungsa iku mau, para sedulur papat iku padha babat alas utawa resik-resik alas. Bareng wis padha resik kabeh banjur diadege omah-omah kanggo panggonan sedulur papat iku mau. Sandhang karo papan wis padha duwe nanging bab pangan, sedulur papat iku durung bisa nyukupi kabeh. Banjur padha mikir gawe ladhang dhewe sing bisa ditanduri pari, kacang, jagung, maneka warna tetaneman palawija lan sapiturute. Dina esuke, Mbah Mangun Jati, Mbah Mangun Sari, Mbah Kari Beker, lan Mbah Nini Beker padha bedhog utawa macul lemah, diluku, digaru, dibanyoni, banjur ditanduri bibit pari. Bareng wis limolas dina, pari dirabuk utawa diwenehi pupuk, sedurunge diwenehi pupuk, suket-suket ing tanduran pari mau dijabuti sing biasane diarani matun.
Akhire sedulur papat mau padha duweni sawah dhewe-dhewe. Nanging sing nyekel sawah iku utamane yaiku Mbah Mangun Jati lan Mbah Mangun Sari, amarga anane Mbah Mangun Jati lan Mbah Mangun Sari iku pernah sedulur tuwa dibanding karo Mbah Kari Beker lan Mbah Nini Beker. Sedurunge bibit pari di tandur lan sakwise pari dipanen, sawah mau diamong-amongi utawa didongani dhisik, among-among iku gunane supaya bisa lancar pangane, panene bisa kasil kaya sing dikarepake lan supaya lemah sing bakal dipacul ora kaget lan bisa subur. Sawah sing ditanduri Mbah Mangun Jati lan Mbah Mangun Sari, Mbah Kari Beker lan Mbah Nini Beker iku dijenengi sawah segembok. Segembok iku asale saka tembung gembok sing duweni maksud kunci. Kunci dhewe dimaksudke supaya papan panggonan sing dipanggoni lan lahan sawah sing wis digarap ora ana sing bakal ngrusak utawa njupuk amarga wis dikunci dening sedulur papat iku mau. Saka tembung kunci iku mau banjur papan panggonan sing dipanggoni Mbah Mangun Jati lan Mbah Mangun Sari, Mbah Kari Beker lan Mbah Nini Beker, banjur diarani utawa dijenengi Kuncilan. Asline jenenge desa Kuncilan nanging mulai jaman biyen sakwise Mbah Mangun Jati lan Mbah Mangun Sari wafat, olehe warga masyarakat desa Kuncilan diarani desa Kancilan. Nganti sakiki jenenge tetep desa Kancilan amarga luwih gampang pangucapane. Desa Kuncilan dhewe duweni maksud padha karo sawah segembok yaiku desa utawa papan panggonan sing wis dikunci dening Mbah Mangun Jati lan Mbah Mangun Sari. Dikunci maksude supaya desa Kancilan tetep aman ora ana barang-barang utawa bab-bab sing ala sing mlebu. Desa Kancilan dhewe dibagi loro, yaiku Depok lan Kancilan. Depok dipanggoni Mbah Mangun Jati dene Kancilan dipanggoni Mbah Mangun Sari. Depok iku ana ing desa Kancilan sisih wetan dene Kancilan iku ana ing sisih kulon.
Bareng Mbah Mangun Jati lan Mbah Mangun Sari wafat, loro-lorone padha digawekake pundhen ing tengah-tengahing pesareyan depok lan pesareyan kancilan. Pundhen-pundhen iku isih ana nganti saiki. Dene Mbah Kari Beker lan Mbah Nini Beker ana ing pesareyan biasane, ora digawekake pundhen kaya Mangun Jati lan Mangun Sari amarga isih luwih sepuh Mbah Mangun Jati lan Mbah Mangun Sari. Nganti saiki sing dadi sesepuh ing desa Kancilan yaiku Mangun Jati lan Mangun Sari. Amarga sing menehi jeneng dadi desa Kancilan iku ya Mbah Mangun Jati lan Mbah Mangun Sari. Nganti saiki uga, sapa wae warga masyarakat desa Kancilan sing duweni gawe, arep mantu utawa liya-liyane, iya kudu sowan ing pesareyane Mbah Mangun Jati ing Depok lan sowan ing pesareyane Mbah Mangun Sari ing Kancilan karo nggawa sesaji ayam ingkung lan didongani bareng-bareng. Biasane uga padha ngaji ing pesareyane Mbah Mangun Jati lan Mbah Mangun Sari. Kabeh warga masyarakat ing desa Kancilan nganti saiki tetep nglestarekake tradisi sowan ing pesareyane Mangun Jati lan Mangun Sari. Ora mung pas arep ana gawe nanging ing wayah wulan suro, ruwah, poso, lan syawal. Amarga Mbah Mangun Jati lan Mbah Mangun Sari iku sing mbaureksa utawa dianggep nguasani desa Kancilan mula nganti saiki dihormati banget.

Tuesday, May 12, 2009
ASAL USUL JENENG KARANGANYAR
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Desa Karanganyar iku melu kecamatan Welahan kabupaten Jepara. Saiki cacah wargane ana 1.446 warga. Dingeti saka panggonane, daerah iki wates kabupaten Jepara karo Demak. Kejawan daratan teka segara lor jawa sing ombone 87 hektar, ana hamparan tambak iwak lan rawa – rawa. Uripe makmur lan tentrem, masyarakate penggawehane akeh saka petani, nanging uga ana sing dadi pedagang lunga metu saka pulau Jawa misale Kalimantan, Malaysia, Sumatra lan liyane. Akeh sing petani amarga kiwa lan tengene desa kuwi diubengi sawah, jaman samana penduduke elehan utawa pindahan saka desa pinggire yaiku norowito, dadine penduduke cacahe mung sithik.
Sadurunge ana omah – omah penduduk desa iki iseh rupa rawa – rawa sing sisihe ana kali/lepen. Kali iku jenenge kali serang sing banyune akeh, kanggo nggunaake mbayuni sawah sing ditanduri pari kanggo kebutuhan lan nyukupi ekonomi.
Warga tani sing iseh nyekel tradisi zaman kuna, ana cara sing kanggo nyalurake pengetahuane saka basa, kegunaane basa iki digunakake kanggo warna – warna , kaya wae ing panguripan saben dina, upacara adapt lan upacara agama sing luwih nggunakake basa Jawa.
Zaman biyen sadurunge desa iki dadi maju, ana perkawis sing kudu dingerteni asal – usule kenapa bisa diarani utawa duwe jeneng Karanganyar. Saiki desa wis maju, perkembangane cepet, dadi langka bocah sing mangerteni piye kok bisa duwe jeneng kaya ngana, ngertine mung manggoni.
Biyen sadurunge jeneng Karanganyar, desa Norowito iku sing asale dipanggoni para warga, nalika manggoni desa iku akeh warga sing padha dimalingi, saben dina mesthi ana perkara kuwi yaiku kemalingan, dadine warga padha mlayu pindah lunga sisihe/tangga desane sing adohe ora sepira adoh saka asale kana, biyen wargane mung sithik bisa diitung, nanging sansaya suwe tambah akeh. Zaman biyen nalika dijajah PKI riwayate susah, mangane bonggol gedhang karo onggok ora mangan sego apa maneh buah.
Wujud utawa bentuke Karanganyar iku akeh kalen, ngarep desa ana kalen gedhe lan mburi ana sawah karo kalen cilik sing diarani larik, kalen sing amba ya ana, sing cilik digunakake kanggo pengairan uga dawane nganti ngubungake liya desa. Saking akehe warga sing dadi tani dadine kalen iku penting, didadekake wadah pengairan kanggo kaperluan tandurane yaiku pari karo jangan kayata : jagung, kacang, kangkung, delai, krai, tomat, waloh, gambas lan liya-liyane. Ana kalen sing dijenengi kalibom iku bentuke amba, banyune pasang surut miturut musime, gedhene kalen iku watese ana ing bongpes yaiku iso kembung karo kempes. Kalen sing amba nak wayah rendeng mesthi banjir, sanajan sakiki wis maju terus ora kena banjir, nanging nak ngilingi zaman biyen nalika wayah rendeng tiba, banyune banjir nganti ngarep omah lan ratane uga ketutupan banyu. Nalika ana wayah rendeng, kalen iku banjir, ing desa iki ana mayat mandeg cacahe loro wedok kabeh, ora ana sing ngakoni, jare para warga padha ngira klintiran saka tanjung, yaiku desa sebrang wetan melu kabupaten Demak sing adoh saka desa iki. Warga sing nemukake padha rame amarga mayit loro mau ora ana sing ngerti asal – usule saka ngendi, lajeng wonten salah satunggaling warga sing menehi jeneng den ayu Ndaru karo den ayu Surti.
Iso ana utawa dadi jeneng Karanganyar iku amarga ana wong sing klinter neng kalen lajeng mbanggok neng salah sijine wit karang, wong kuwi di jenengake mbah ndaru. Ora ana ngerti asale saka endi mayit mau, penduduk pada geger. Mayit mau terus dikubur ana ing pinggir wit karang sing ditemuake neng panggonan mau, wong sing nemuake mayit mau wenehi jeneng Karanganyar yaiku amarga mandeg ana ing wit karang, anyar yaiku wong anyar sing ditemukake. Dadine wong sing nemukake mau dadiake mbah ndaru iku tiyang sesepuh keturunan ana ing desa iku. Sak iki panggonan mau didadekake Tempat Pemakaman Umum/ TPU ana ing desa Karanganyar. Desa iki wis maju akeh penduduk sing kasil oleh nyambut gawe, hawane asrep ana kalen – kalen akeh sing digunakna kanggo pengairan. Tandure wis maju, kasile dikirim lunga adoh sing bisa dicegerake kanggo nglangsungake ekonomi para warga.

Thursday, February 19, 2009
DUMADINE JENENG DESA-DESA ING TLATAH KAB. JEPARA
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Kurang luwih abad kaping 15 ing tlatah Kabupaten Jepara, dusun Kriyan ana sijine ratu isih kerabat Sultan Demak. Asma Diah Ayu Kalinyamat duwe bojo Sultan Hadirin. Diah Ayu Kalinyamat sawijining ratu kang pinter, kendel lan pideksa. Kejaba dadi ratu uga dadi senopati nglurug mimpin perang nglawan kraton Melayu kang saiki diarani Malaysia nganti menang.
Ing sawijining dina garwane Kanjeng Ratu Kalinyamat marak sowan nekani paseban marang gurune kang asma Kanjeng Sunan Jabar Sodig (alias Sunan Kudus). Ing padepokan menara Kudus ing kana uga rawuh Adipati Arya Penangsang, gandeng Arya Penangsang anduweni ati culika marang sultan Hadirin (garwane Ratu Kalinyamat). Perkara warisan kraton Demak mala Arya Penangsang nuli marjaya marang Sultan Hadirin nganggo keris Agul-agule.
Sultan Hadirin ora terus seda nanging nuli kondur menyang kratone Kalinyamat ing Jepara. Saknjerone lumampah kondur ludirane titis kecemplung kali ing kana, banyu kali mau wernane dadi “ungu” nanti saiki dsa kana diarani “desa Kaliwungu”. Lumampah ngulon maneh ing kana Sultan Hadirin atine mandeg “mayong” nganti saiki desa kana diarani “Desa Mayong”. Nuntukake mlakune mangulon maneh ing kana atine Sulyan Hadirin melang-melang nganti saiki dsa kana diarani “Desa Pelang”. Sakteruse lumakune saya ngulon ing kana Sultan Hadirin mambu ganda mayite dhewe, nganti saiki desa kana diarani “Desa Purwoganda”. Nutgake mlakune maneh ing kana Sultan Hadirin pirsa akeh lebu utawa awu kang padha kabur-kabur nganti saiki desa kana diarani “Desa Lebuawu”. Nutugake lelakune maneh ing kana Sultan Hadirin pirsa manuk Cangak kang akek banget nganti saiki desa kana diarani “Desa Pecangaan”. Nuli nerusake lumakune ing kana sing padha nandu Sultan Hadirin lumakune padha mekeh-mekeh saking kesele nganti saiki desa kana diarani “Desa Pelekehan”. Ing kana Sultan Hadirin lagi seda terus dikubur ana ing kuburan “Mantingan”. Tlatah kabupaten Jepara kang nganti saiki akeh wong kang padha nyekar mrana ing makam Sultan Hadirin.

Thursday, June 5, 2008
MASJID MANTINGAN CIKAL BAKAL UKIR JEPARA
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Sederet jalan Kudus-Jepara kagem nguatake jeporo kanggo kota ukir. Nanging lelakuan sakniki ora mbahas Jeporo dadi kota ukir, nanging mbahas soal Masjid peninggalan purba kala ingkang dipun arani cikal bakal motif ukir ing Jeporo. Masjid niku manggon ing deso Mantingan Kecamatan Taunan Jeporo. Sak meniko manggon ing Mantingan, masjid iku sakniki terkenal inggih meniko masjid Mantingan. Tembung Mantingan inggih meniko saking tembung “Kepentingan”. Kepentingan meniko saget kasebut keperluan penting.
Kiro-kiro 4Km marang arah kidul bunderan Ngabul Taunan, mengko kita ketemu tulisan ing papan kang katulis Masjid Mantingan Astana Sultan Hadirin. Sebuah masjid ingkang di kelilingi pager saking boto abang mboten nganggo semen. Menawi sampun puluhan tahun, pager tasih katon kuat lan jelas.
Panggonane masjid kuwi ning nduwur bukit cilik. Lelakuan kito mriku kudu ngliwati undakan cilik-cilik sakdurunge tekan masjid Mantingan ora podo kaliyan masjid liane beratap kubah. Masjid Mantingan bedo karo masjid-masjid liane ing Jeporo. Masjid Mantingan beratap tumpang koyo bangunan pura masyarakat Hindu. Masjid iki kembar Joglo kaliyan mahkota ning dhuwure.
Jarene wargo ing kono, cerito bentuk iku dipodoake karo kabudayaan wargo ning kono sing nganggep agomo Hindu. Nanging wargo ning kono mboten kaget utawa wedi karo bangunan iku. Bangunan iku jebulane masjid. Menawi mekaten wargo Mantingan sitik go sitik mulai nganggep akulturasi Islam ing Indonesia.
Masjid Mantingan iki ono telung bagian. Bagian utomo ngarep, njero, pinggir, tengah. Bagian ngarep nganggo soko kayu. Sing ngge nggawe soko Masjid Mantingan pancen apik tenan. Pinggir-pinggire diwenehi ukir-ukiran sing kembar ning negoro cino. Ornamen-ornamen cino kanggo ngawe ukiran-ukiran Jeporo. Bidang-bidang ukiran iki sing marai wargo Jeporo ngembangke ukiran-ukiran sing apik-apik. Bagiane njero masjid isih kosong berkeramik putih, biasane njero kuwi kanggo solat sing dilengkapi mimbar kanggo solat Jumat sing bentuke koyo kereto tandu.
Sak pinggire masjid isih ono panggon kanggo jemaah sing ora keduman panggon. Ambane masjid 400m2 di gawe ning ndhuwur lemah sing ambane 2800m2. Masjid iki panggonane diapit rong lembah. Masjid iki bentuke kerucut diubengi kali. Bagian mburi masjid isih ono pesarean inggih meniko pesareane Ratu Kalinyamat.

CERITA RAKYAT
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
DUMADINE JENENG DESA-DESA ING TLATAH KAB. JEPARA
Ing sawijining dina garwane Kanjeng Ratu Kalinyamat marak sowan nekani paseban marang gurune kang asma Kanjeng Sunan Jabar Sodig (alias Sunan Kudus). Ing padepokan menara Kudus ing kana uga rawuh Adipati Arya Penangsang, gandeng Arya Penangsang anduweni ati culika marang sultan Hadirin (garwane Ratu Kalinyamat). Perkara warisan kraton Demak mala Arya Penangsang nuli marjaya marang Sultan Hadirin nganggo keris Agul-agule.
Sultan Hadirin ora terus seda nanging nuli kondur menyang kratone Kalinyamat ing Jepara. Saknjerone lumampah kondur ludirane titis kecemplung kali ing kana, banyu kali mau wernane dadi “ungu” nanti saiki dsa kana diarani “desa Kaliwungu”. Lumampah ngulon maneh ing kana Sultan Hadirin atine mandeg “mayong” nganti saiki desa kana diarani “Desa Mayong”. Nuntukake mlakune mangulon maneh ing kana atine Sulyan Hadirin melang-melang nganti saiki dsa kana diarani “Desa Pelang”. Sakteruse lumakune saya ngulon ing kana Sultan Hadirin mambu ganda mayite dhewe, nganti saiki desa kana diarani “Desa Purwoganda”. Nutgake mlakune maneh ing kana Sultan Hadirin pirsa akeh lebu utawa awu kang padha kabur-kabur nganti saiki desa kana diarani “Desa Lebuawu”. Nutugake lelakune maneh ing kana Sultan Hadirin pirsa manuk Cangak kang akek banget nganti saiki desa kana diarani “Desa Pecangaan”. Nuli nerusake lumakune ing kana sing padha nandu Sultan Hadirin lumakune padha mekeh-mekeh saking kesele nganti saiki desa kana diarani “Desa Pelekehan”. Ing kana Sultan Hadirin lagi seda terus dikubur ana ing kuburan “Mantingan”. Tlatah kabupaten Jepara kang nganti saiki akeh wong kang padha nyekar mrana ing makam Sultan Hadirin.
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Subscribe to:
Posts (Atom)