sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.(Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
Showing posts with label Kulawarga. Show all posts
Showing posts with label Kulawarga. Show all posts
Monday, December 17, 2007
Photone Bapak lan Mamakku "Smiley"!
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop

Ndhuwur iku photone Mamak karo Bapakku rikala aku dadi manten tanggal 09 Desember 2007 kapungkur. Aku seneng nyawang photo iku. Ya mung iku photo sing ngatonake pasuryane Bapak lan Mamak katon sumringah. Liyane mung katon dhatar wae, kepara malah ngatonake ulat sing ora bungah, sajak prihatin, mrihatinake anake pambarep sing "prodigal", aku sing mrusal lan wis gawe kuciwane brayat.
Sanadyan aku babar blas ora duwe sedya nguciwakake wong tuwaku munggahe para sanak sedulurku, ananging iku sing kelakon. Jalarane pancen rada angel tinampa dening sapa wae sing mangerti, sapa ta aku iki. Mula saka iku, sabubare anggone duwe gawe mantu, sadurunge aku budhal maneh menyang Jakarta, aku sakloron karo bojoku mijekake wektu ngadhep Bapak-Mamak lan pasrah kaluputan karo njaluk pangapura. Kepriyea wae aku wus nindakake kaluputan, ya mungguhing kulawarga lan mungguhing pasamuwan suci greja Katolik.
Sumedhot rasaning atiku, Bapak lan Mamak jembar segarane. Bapak ngendika, "Kanggoku, anakku ora luput. Awit, kepriyea wae sing jenenge anak iku isih daging lan getihe wong tuwa. Sing wis kelakon wis dak pasrahake Gusti. Wingi ana ing sembahyanganku aku mung matur kaya Ibu Dewi Maria, 'Karsa Dalem kalampahana!' Mung welingku marang kowe sakloron: saiki diwiwiti uripmu sing anyar. Ora mung teori kaya sing wis mbok mangerteni, nanging bener-bener bakal ngalami. Aku nyengkuyung tekadmu anggone bakal tetep nggegulang urip karohanen. Wis, saiki budhala menyang Jakarta. Bapak karo Mamakmu mung bisa nyangoni slamet, ora bisa nyangoni bandha donya. Jaganen adhimu sing ana ing Bekasi. Kowe iku anak barep, dadi sulihe wong tuwa ing kana. Tetep sregep sembahyang!"
Mamak uga nambahi piweling. Mung siji welinge, "Tetepa eling marang wong tuwamu, ya aku lan bapakmu iki!"
Bakda iku, aku disembahyangake lan disuwunake berkah dening Bapak. Ana ing ati aku dadi rumangsa luwih manteb. Tan kendhat aku matur nuwun marang Gusti, dene diparingi wong tuwa kaya Bapak-Mamak. Untung, adhiku sempat njepret Bapak-Mamak sing lagi mesem! Photo ing dhuwur iku isa dadi kanca lan penebar semangat kalane aku urip ing Jakarta. (Matur nuwun ya, Bek!)
Matur nuwun, Gusti! ***
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Saturday, November 17, 2007
Bapakku seneng ngingu wedhus
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop

Bapakku asmane Antonius Sugiman. Wis tau dadi PNS ana ing Dinas Pendapatan Daerah Kabupaten Kulonprogo, Jogja, ngasta ana ing pasar minangka juru tarik karcis marang bakul-bakul. Udakara wis meh setahun iki pensiun. Kelahiran tahun 1947 sakjane isih katon nom. Dhasare ya isih seneng nyambut gawe, dadi sanadyan wis pensiun ya ana wae sing ditindakake saben dinane. Sing mesthi kuwi garap sawah lan ngrumat kewan. Yen didangu priyayi liya anggone ngasta saiki nang ngendi, biasane Bapak anggone atur wangsulan kanthi bangga, "Kantor kula sapunika wonten sabin! Hehehe..."
Pancen, saben dina Bapak mesthi tindak sawah: esuk, awan, sore, kepara kondure sok nganti wayah surub. Yen ora niliki tanduran pari, ya ngarit karo angon wedhuse sing saiki cacah papat. Foto ing dhuwur iku kajupuk dina Sabtu, 10 Nopember 2007 wingi, mapane ana pekarangane tanggaku sing wujud lapangan kanggo meme cengkeh ana ing ngarep omahku. Saiki lagi mangsane padha bubar plabuh, mangsane ngrabuk lan ana sing wis matun. Mulane wedhuse Bapak mung dicencang ana ing pekarangan iku wae.
Bab ngingu lan ngupakara wedhus, Bapakku klebu gemati banget. Ora maidu yen wedhuse lemu-lemu. Lha wong pakane wae sok aneh! Ora trima mung suket lan ramban. Saben esuk lan sore Bapak mesthi nyacah gori (nangka nom), pentil kates, jantung gedhang, utawa sayuran liyane sing lumrahe dipangan manungsa. Nanging iku mau kabeh diolah bapak kanggo makani wedhuse! Dibumboni, digeneni barang kaya lumrahe wong nyayur! Coba! Ning wedhuse ya padha doyan lan mangan jangan olahane Bapak iku kanthi ngethamul sajak ndemenakake tenan. Terkadhang sok diwehi bekatul campur uyah sacukupe. Malah sok dijamoni ndhog pitik barang. Hehehe... yen ora kober ngarit suket utawa golek ramban, kaya mangsa ngrecih udan kaya saiki iki, Bapak ora pati kuwatir. Isih ana pakan wedhus alternatif!
Kelangenan ngingu kewan kaya iku wis dilakoni Bapak wiwit isih cilik. Liyane wedhus wis tau kebo, sapi, bebek, lan manuk. Sing durung tau marmut lan kelinci. Tanggung, jarene. Kamangka biyen sing sok dipasrahi ngrumat kewan-kewan iku aku. Bapak sok duka-duka yen nganti kewan ingone gembrat-gembret marga kapiran ngelih. Hehehe...aku pancen kadhang sok memeng. Ngingu kewan kok sing gedhe-gedhe wae. Mbok pisan-pisan sing cilik-cilik kaya trewelu kareben anggone ngarit ora susah akeh-akeh. Nanging pepinginanku iku ora dadi kersane Bapak. Mengko mundhak aku malah dadi wong keset.
Sing ditindakake Bapak kaya ngono iku ora krasa wus ndadekake aku kaya saiki-iki. Anggonku ngonceki tekan bab seserepaning urip. Yen dilelimbang, urip minangka wong tani desa iku kebak ing kawruh kanggo sangu urip. Saka Bapak aku diajari bab sikap "gemati", "jujur" lan "sregep" marang apa wae kang dadi tanggung jawabe. Kewan iku ya titah, sing saiki dipercayakae marang aku supaya dirumat kanthi gemati. Yen wis kulina ngrumat kanthi sikap mangkono, besuk yen wis dadi wong tuwa wayahe ngrumat kulawarga lan wong liya bakale ora kangelan. Mangkono ngendikane Bapak muruki aku.
Gemati: pamrihe supaya saktandang tandukku marang kewan ora ninggalake atiku minangka jejering manungsa. Kewan uga butuh katresnanku. Apa maneh samengkone ana ing pasrawungan karo wong liya sing padha-padha manungsa!Marga wis tau diajari Bapak ngingu lan ngrumat kewan iwen iku, aku duwe pengalaman dadi "wong angon". Maune mono mung angon wedhus, kebo, sapi, utawa bebek. Nanging saiki pengalaman iku dak rasa-rasakake wus menehi dhasar kang bisa dicakake ana ing donyaning pasrawungan agung. Mula ana tembung "pangon" sing kajupuk saka donyaning ngrumat kewat iwen, kanggo nyebut jejering pemimpin. Dudu kewan maneh sing dipimpin; dudu kewan maneh sing diladeni, nanging sapadhane manungsa. Ora mung wong liya sing diengon, nanging sajatine uga ngengon awake dhewe, klebu kulawarga dhewe (bojo lan anak, uga sedulur, kakang lan adhi).
Jujur: pamrihe supaya anggone ngrumat kewan iku ora mbilaheni darbeke wong liya. Yen pas diengon, kewan-kewan iku kudu tansah diulatake. Samangsane nedhak (mangan utawa ngrusak tanduran) kudu enggal digusah lan digiring ana ing papan sing samesthine. Kewan iku ora ngerti tembung "nyolong"! Mung manungsa sing ngerti, mula kudu nggenahake lan menerake sing prayoga.
Sregep: pamrihe supaya dadi wong mandhiri, ora mung "dhat nyeng", keset utawa "manja" (ngadi-adi). Saben pagawean lan tanggung jawab samesthine ditindakake kanthi tumemen. Sing dipentingake dudu kepenaking awak, nanging tandang-tanduk sing mrantasi gawe. Mesthi wae ora mung kanggo awake dhewe nanging uga kanggo sapadhaning titah. Jarene simbah, wong keset iku dadi bature setan!
Matur nuwun nggih Pak... ***
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Subscribe to:
Posts (Atom)