Showing posts with label Bab Sastra. Show all posts
Showing posts with label Bab Sastra. Show all posts

Monday, December 31, 2018

Kasusastran Jawa

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Tembung kasusastran asale saka tembung lingga : susastra. Oleh ater – ater ka – lan panambang -an. Tembung susastra satemene dudu tembung lingga. Linggane kang sejati : sastra, kawuwuhan wanda su kang ateges : linuwih.

Tembung lingga sastra asale saka tembung wod Cas, tegese wulang utawa wuruk. Wuwuhan tra mratelakake tembung aran. Tuladha : japa lumrah uga disaroja dadi muni : japa mantra. Was : dandan . Wastra : apa – apa kang kanggo dandan, yaiku sandhangan kang saka barang sembet. Ma : ukur. Matra : apa – apa kang kanggo ngukur utawa ukuran ( ing basa walanda meter). Raaj : mengku, nguwasani. Raastra : apa – apa kang winengku, tabah kang dikuwasani, tanah krajan.
Castra , lumrahe ing jaman saiki mung tinulis sastra, ateges : piwulang, tulis, wewaton, paugeran, kaweruh, layang kang isi kaweruh.


Susastra ateges : piwulang kang linuwih, tulis kang pinunjul, wewaton utawa paugeran kang apik banget, kaweruh kang endah, basa kang ei peni. Kasusastran, ateges kaweruh utawa kagunan kang apik banget, kagunan kang endah, amarga binabar nganggo basa kang endah utawa basa kang edi peni. Wong guna kang bisa mahyakake bab – bab nganggo basa kang endah diarani Pujangga.

Kepriye beda – bedane kawruh Kapustakan, Paramasastra, lan Kasusastran ? Mengkene :
Kapustakan iku kawruh bab isine pustaka ( isine layang, isine buku ). iya bener bab basane uga melu dirembug (dielingi) nanging sing wigati dhewe bab isine. Paramasastra iku kaweruh kang mratelakake bab benere pangrimbage tembung, benere olehe ngarani jenenge rimbag , benere olehe negesi manut rerimbagane, bener panulise ( aksara Jawa lan latin), benere pakecapane lan benere panganggone ( ing ukara) .


Tuladha :
Tembung ngajawa, menawa diandharake manut kawruh paramasastra :
a) Pangrimbage : ang + ka + jawa
b) Araning rimbag : Tanduk kriya wantah
c) Tegese manut rerimbagane : Menyang (tanah) Jawa
d) Pakecapane : Ngejawa
e) Panulisane : Ngajawa ( yen sarana misah – misah wandane: nga – ja – wa
f) Panganggone ( ing ukara ) : Sang Ajisaka olehe ngajawa ambal kaping pindho.
Wondene Kasusastran iku kawruh bab endahing basa, bab basa kang endah. Dadi ora mung bab benere, nanging sing wigati banget bab endahe


Sumber: Blog Kangsura
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Macapat lan Sekar Gendhing

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Tembang Macapat uga diarani tembang cilik yaiku tembang kang duwe paugeran pupuh (bait), guru gatra (cacahing larikan), guru wilangan (cacahing wanda = suku kata), lan guru lagu (tibaning swara saben pungkasaning gatra (larikan) tembang utawa dong ding.

A. Kasusastran kang tinemu ing gendhing ;
1. Cakepan yaiku syair, tetembungan kang dienggo ing tembang.
2. Cengkok yaiku Lak – luking swara kanggo nglagokake tembang.
3. Gendhing yaiku swara lelagoning gamelan
4. Gamelan yaiku Piranti karawitan kanggo ngiringi tembang. Kayata ; bonang, kendhang, gong kempul, gender, gong gedhe, peking, demung, saron, kenong, slenthem, gambang, rebab, siter, lsp.
5. Laras yaiku rasa thinthingane swara cendhak nganti swara dhuwur.
6. Titi laras yaiku angka minangka gantine laras ( swara cendhak tekan swara dhuwur).
7. Pathet yaiku ukuran cendhek lan dhuwure swara kanggo nglagokake tembang.
8. Pedhotan yaiku pamedhoting swara ing tengahing tembang ing saben larik.
9. Senggakan yaiku unen – uen mawa lagu ing satengahing tembang kang binarung swaraning gendhing / pradangga
10. Swarawati yaiku waranggana, pesindhen, penyanyi putri.
11. Wiraswara yaiku penyanyi kakung
12. gerong yaiku tembang kang dilagokake bareng karo gamelan kanggo mbarengi gendhing, dene sing gerong para wiraswara / pradangga.
13. Sindhenan yaiku tetembangan kang dilagokake dening waranggana utawa pesindhen binarung swaraning gamelan / lelagoning gendhing.
14. Irama yaiku ukuran rindhik rikating penabuhing gamelan.
15. Bawa yaiku tembang kang kanggo mbukani gendhing utawa miwiti gendhing tanpa tabuhan.
16. Buka yaiku tetabuha kang kanggo bukani gendhing.

B. Watak lan pangangone tembang macapat
1. Pocung watak kendho tanpa greget saur, bisa kanggo medharake sembrana, lsp
2. Maskumambang watak nalangsa, kanggo medharake rasa prihatin.
3. Gambuh watak wani, wanuh, rumaket lan kulina. Prayogi kanggo paring pitutur, utawi sesorah ingkang ngemu raos radi sereng.
4. Magatruh watak Sedih kanggo medharake rasa memelas, getun, lan prihatin.
5. Kinanthi watak seneng, tresna, asih, grapyak, prayogi kagem suka pitutur raos tresna.
6. Asmaradana watak Watak sedhih prihatos , sengsem gandhrung. Mathuk kanggo cariyos sedhih lan asmara.
7. Mijil watak gandrung, prihatin anggone golek ilmu, metuning ras pitutur, medharake bukaning crita, mangayubagya.
8. Pangkur watak watak sereng, kejem, nantang, mathuk kanggo pitutur sereng, crita perang.
9. Durma watak Galak nantang, nesu lan muntab
10. sinom watak grapyak, sumanak, renyah.
11. Dhandhanggula watak kewes ,luwes, resep prayoga kanggo apa wae.
12. Girisa watak gagah mawanti – wanti bisa kanggo wulang wuruk, nggambarake kaendahaning alam.
13. Balabak watak sembrana cocog kanggo lelucon.
14. Wirangrong watak duwe prabawa gedhe, bisa kanggo wulang wuruk, nggambarake kaendahaning alam.
15.Juru demung watak kenes mathuk kanggo peprenesan.
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Geguritan, Macapat, Campursari

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
GEGURITAN
Tandha – tandhane geguritan :
1. Kapantha – pantha dadi bait utawa pada
2. Saben ukara ganti baris ( larikan = gatra )
3. Tetembungan lan ukarane ringkes, isine mentes lan ana bobote sastra.
4. Ekspresi lan rasa pangrasane penulis bebas.
5. Tema utawa underane crita angel dipahami
6. Ana sing nganggo purwakanthi (sajak) la nana sing ora nganggo.

Carane ngripta ( nganggit = ngarang ) geguritan :
1. Nemtokake tema utawa underane geguritan.
2. Kosentrasi kang seriyus kanggo golek imajinasi.
3. Milih tembung kang mentes lan ana bobote sastra.
4. Ngrakit ukara kang ringkes, dipantha – pantha dadi bait utawa pada.
5. saben ukara kanthi larikan (gatra).
6. Yen perlu nganggo purwakanthi (sajak) ben enak diwaca lan gampang diapalke.
7. Diwaca bola – bali kanggo ngukur cocok apa orane karo underane crita, lan aja nganti kaya gancaran kang dipantha – pantha dadi bait.
8. Menehi sesirah utawa judul.

Carane ngapresiasi geguritan :
1. Konsentrasi kang serius kanggo miwiti apresiasi.
2. Diwaca bola – bali kanthi lagu ( intonasi ), lafal ( ucapan) lan aksen (tekanan) kang bener.
3. Ngerti karep lan imajinasine penulis, senajan mung kira – kira.

MACAPAT
Pathokane tembang macapat.
1. Pocung : 12u – 6a – 8i – 12a
2. Maskumambang : 7u – 6a – 8i – 8a
3. Gambuh : 7u – 10u – 12i – 8u – 8o
4. Magatruh : 12u – 8i – 8u – 81 – 8o
5. Kinanthi : 8u – 8i – 8a – 8i – 8a – 8i
6. Asmaradana : 8i – 8a – 8e – 8a – 7a – 8u – 8a
7. Mijil : 10i – 6o – 10e – 10i – 6i – 6u
8. Pangkur : 8a – 11i – 8u – 7a – 12u – 8a – 8i
9. Durma : 12a – 7i – 6a – 7a – 8i – 5a – 7a
10. Sinom : 8a – 8i – 8a – 8i – 7i – 8u – 7a – 8i – 12a
11. Dhandhanggula : 10i – 10a – 8e – 7u – 9i – 7a – 6u – 8a – 12i – 7a

Tuladha Tembang macapat :

Pocung
Ngilmu iku kalakoni kanthi laku 12 u
Lekase lawan kas 6a
Tegese kas nyantosani 8i
Setya budya pangekese dur angkara. 12a

Asmaradana
Pratelane wong akrami 8i
Dudu bandha dudu rupa 8a
Hamung ati pawitane 8e
Luput pisan kena pisan 8a
Yen gampang luwih gampang 7a
Yen angel angel kalangkung 8u
Tan kena tinambak arta 8a

Gambuh
Sekar gambuh ping catur 7u
Kang cinatur polah kang kalantur 10u
Tanpa tutur katula tual katali 12i
Kadaluwarsa katutuh 8u
Kapatuh pan dadi awon 8o

Dhandhanggula
Pamitaku nimas sida asih 10 i
Atut runtut tansah reruntungan 10a
Ing sarina sawengine 8e
Datan ginggang sarambut 7u
Lamun adoh caket ing ati 9i
Yen cedhak tansah mulat 7a
Sida asih tuhu 6u
Pindha mimi lan mintuna 8a
Ayo nimas bareng hanetepi wajib 12i
Sida asih bebrayan 7a

TEMBANG CAMPURSARI

Tembang – tembang campursari kathah ingkang ngginakaken purwakanthi guru swara, punika supados sae menawi dipun mirengaken lan gampil dipun apalaken.
Tuladha Tembang campursari ingkang ngginakaken Purwakanthi guru swara :
Cintaku sekonyong – konyong koder.
Cintaku sekonyong – konyong koder
Karo kowe cah ayu sing bakul lemper
Lempere pancen Super
Resik tur anti laler
Yen dipangan neng sirah rasa mbliyer
………………………………………..
Ketar ketir ati tansah ketar ketir
Yen tak pikir aku kaya lampu senthir
Mobat – mabit sribat – sribit
Yen kena angina sing sumribit
……………………………….
Aja Sujana
Aku wis ngaku salah kandha sak nyatane
Saka ati ramung ana lambe
Geni sing neng ati
Enggal disirami
Ya ben adhem kaya dhek wingi
Mbok wis aja sujana
Aja nyeksa raga
Trisna kuwi mesthi ana godha
Mawa sing neng dhadha
Enggal dileremna
Ya ben tentrem kaya dhek semana
Ronce – ronce melati benange lawe
Pupus klapa sing ngelengke
Nganti tuwa aku isih trisna kowe
Senajan ana godha sepira akehe.
Kangen
Pitung sasi lawasé nggonku ngentèni
Mung sliramu wong bagus kang dadi ati
Rina wengi mung tansah tak impi-impi Jroning ati
kangenku setengah mati
Jenang gula ya mas ya mbok aja lali
Ngèlinana rikala jaman semana
Sliramu janji aku setya ngentèni
Lahir batin tresnaku setengah mati

Sumber: Blog Kangsura
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Unsur Intrinsik cerkak

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
UNSUR INTRINSIK CERKAK KANTHI IRAH - IRAHAN “PEMBANTU” DENING NK WIDIASTUTI KAPACAK ING MAJALAH JAYA BAYA,NO 28 MARET 1999.

I. Tema.
a. Tema Tradisional.
“ walaupun tatik menyembunyikan asal usulnya tak lama kemudian terbongkar juga jati dirinya”
b. Tema tingkat social.
“ Tatik kagum dhateng keluarganipun Pak Widagda, sasampunipun maos profilipun Ibu Widagda wonten majalah wanita , kadidene Ibu teladhan tingkat Nasional. Tatik kepengin ngertos kados punapa Ibu Widagda ngolah rumah tanggaipun supados sae, jalaran sangking menika Tatik mbabu ana daleme Ibu Widagda”

II. Alur lan pengaluran.
a. Penahapan alur
Ø Tahap awal.
Ø Situation : Tetepangan keluarga Pak Widagda dalasan putra putrinipun, pendidikan keluarga Pak Widagda, lan setatus sosial keluarga Pak Widagda.
Ø Generating circumtaces : “Nalika mberesake buku ana perpustakaan pribadi ora sengaja Tatik nyawang buku kandel karangane DR Poespoprodjo kanthi irah – irahan Subjektivitas dalm Histografi kang angel golek – golekane, katungkul maca nganti ora ngerti wayah. Jebul mas bayu wis ana ning ngarepe Tatik”
Ø Tahap tengah
Ø Rising Action : “Buku iku diselehake ana meja karo Tatik banjur disaut karo mas Bayu, diilang ilingi, “sing koko waca apane ?” Pitakone mas bayu. Banjur mas Bayu nakoni maneh isine buku marang Tatik . Tatik semaur mbebles isine buku iku kanthi cetho lan bener”
Ø Climax : “Kandane mas Bayu “ Aku iki wis yakin saka biyen mula , kowe dudu pembantu biasa , saiki mujura sapa kowe sabenere lan apa tujuane mrene ?”
Ø Tahap akhir.
Ø Denoument : “ Terus terang , sejatine kula ponakanipun Bu Sastro sanes pembantunipun. “sejatine kula kagum dhateng keluarga mriki , malih malih sasampunipun maos profilipun ibu panjenengan wonten majalah wanita. Kadidene ibu teladhan tingkat nasional. Kula kepingin ngertos kados punapa ibu Widagda ngolah rumah tanggaipun supados sae, mula kula kepengin mbantu ana omah kene.”
b. Alur mundur.
“ Wis seminggu ana daleme Ny Widagda mbabu, mbeneri pembantune mudhik. Bu Widagda njaluk aku nggenteni penggaweane rewange , kebeneran bapak lan ibu Widagda lagi ana Jepang , ngrawuhi sawijining seminar Internasional. Dene sing ana omah mung putrane loro , mas bayu lan mbak niken.”

“Mula bukane aku ana kene cukup sepele , awan iku bu Widagda sajak gupuh mertamu ana daleme budhe……………..***
c. Kaidah Pengaluran.
Ø Plausabilitas (Plausability).
“ Nalika ibu nggawa kowe, aku wis curiga. Mosok kok pembantu ayu tur resik, pinter micara sisan. Nalika nyapu ora sengaja aku krungu kowe rengeng –rengeng lagune spice girl, Hanson, Celine Dion, kanthi bahasa Inggris kang fasih. Uga caramu masak, yen wong Ngudi Kerta masak sega goreng ora nggawa margarin,sosis, baso, urang lan saos tomat. Selera marang TV uga mengkono seneganmu rak acara abot – abot kaya berita, aneka dialog, saksi sing dakkira dudu konsumene pembantu. “Aku uga tau ngonangi kowe maca buku bukune Niken lan ngrewangi dheweke ngarap tugase, yen Niken kena koko apusi, aku ora, sapa kowe sabenere ?”
Ø Suspense.
“Mas Bayu karo mbak Niken ngerti apa ora asal usule Tatik”


III. Tokoh lan Penokohan.
a. Jenis Tokoh.
Ø Tokoh utama : Tatik.
Ø Tokoh bawahan : Mbak Niken, Mas Bayu, Ny Widagda.
Ø Tokoh Tambahan : Pak Widagda, Bu Sastro, Lik Prapti, Kang Di, Umi.
b. Jenis Watak.
Ø Dimensi fisiologi.
a. Tatik : “Nalika Ibu nggawa kowe, aku wis curiga mosok pembantu kok ayu tur resik,…………
b. Ny Widagda : “Ibu kang isih katon ayu iku meneng sedela……….
c. Mas Bayu : “ Pisan iku aku nesu tenanan nang mas bayu, ora nyangka yen lambene lancip tukang ngelokake.
Ø Dimensi sosialogis.
a. Tatik : “ Aku sarjana Psikologi, wis wisudha nem wulan kepungkur.” (berpendidikan)
b. Pak Widagda : “ Pak Widagda jangkepe Prof. Dr. Widagda , M.Sc .Sawijining dosen PTN Kaloka kang asring entuk uandangan seminar menyang luar negeri.” (menawi katitik sangking asmanipun tiyang priyayi uga tiyang berpendidikan).
c. Ny Widagda : “ Ibu Widagda ugi sawijining sarjana nagging rima ana ngomah ngopeni garwa putra.” (istri kang berpendidikan)
d. Mas Bayu : “ Mas Bayu mahasiswa progam STAID kang dikuliahake BPPT ana Jerman (Berpendidikan).
e. Mbak Niken : “ Dene Mbak Niken lagi kuliah ana Fakultas Kedokteran PTN kaloka uga.” (Berpendidikan).
Ø Dimensi Psikologi.
a. Keluarga Bapak Widagda : “Dhasar ahlake becik, otake lantip, ndadekake keluarga iki keluarga panuntun ana lingkungan kene.” (keluarga wong pinter).
b. Tatik : “ Nalika ibu nggawa kowe aku wis curiga, mosok pembantu kok ayu tur resik, pinter micara sisan.” (wong sing pinter).
c. Teknik Perwatakan.
Ø Dramatik
Reaksi tokoh terhadap tokoh lain.
“ Nalika ibu nggawa kowe, aku wis curiga. Mosok kok pembantu ayu tur resik, pinter micara sisan. Nalika nyapu ora sengaja aku krungu kowe rengeng –rengeng lagune spice girl, Hanson, Celine Dion, kanthi bahasa Inggris kang fasih. Uga caramu masak, yen wong Ngudi Kerta masak sega goreng ora nggawa margarin,sosis, baso, urang lan saos tomat. Selera marang TV uga mengkono seneganmu rak acara abot – abot kaya berita, aneka dialog, saksi sing dakkira dudu konsumene pembantu. “Aku uga tau ngonangi kowe maca buku bukune Niken lan ngrewangi dheweke ngarap tugase, yen Niken kena koko apusi, aku ora, sapa kowe sabenere ?”
Ø Analitik
a. Tatik : “Nalika Ibu nggawa kowe, aku wis curiga mosok pembantu kok ayu tur tesik,…………
b. Ny Widagda : “Ibu kang isih katon ayu iku meneng sedela……….
c. Mas Bayu : “ Pisan iku aku nesu tenanan nag mas bayu, ora nyangka yen lambene lancip tukang ngelokake.

IV. Latar.
a. Latar Tempat.
Ø Ana daleme Bu Sastro.
“Mula bukane aku ana kene cukup sepele , awan iku bu Widagda sajak gupuh mertamu ana daleme budhe”
“Bu sastro wonten dhik ?”
Ø Ana meja makan.(Ning njero omah)
“mbak Niken maeme rahab banget, sajak keluwen.”
“Hem…masakanmu enak kene mangan sisan ,tik”
“Inggih mangke”
“lungguh kene ya kena. “dadak mundhuk – mundhuk barang”
Ø Ana perpustakaan pribadi.(ning njero omah)
“Mengkono uga ruang keluarga lan perpustakaan pribadi. Nalika mberesake buku numpuk, ora sengaja mripatku nyawang buku kandel karangane DR Poespoprodjo kanthi irah – irahan Subjektivitas dalm Histografi kang angel golek – golekane, katungkul maca nganti ora ngerti wayah.”
“hem…hem…”
Aku gragapan, daksawang Mas Bayu wis ana ngarepku, aku ingah – ingih, “anu….Nyuwun sewu…”
b. latar Waktu.
Ø Latar waktu perangan sangking wulan :“Wis seminggu aku ana daleme Ny Widagda…………..”
Ø Latar waktu perangan sangking dina : “Awan iku aku masak sop daging, ayam goreng, perkedel jagung, lan sambel kecap.”
Ø Latar waktu perangan sangking dina : “ Nalika mangan bengi, sak uwise wadiku kebukak………………” 
Ø Latar waktu perangan sangking dina : “Saben wengi bocah telu ajeg ngupeng asil masakanku ing meja makan dan dibacutke diskusi.”
Ø Latar waktu perangan sangking wulan : “Dina iki Pak lan Bu Widagda rawuh, brikut garwane.
c. Latar alat.
Ø “Saben wengi bocah telu ajeg ngupeng asil masakanku ing meja makan dan dibacutke diskusi.”
d. Latar sosial.
Ø “ Terus terang , sejatine kula ponakanipun Bu Sastro sanes pembantunipun. “sejatine kula kagum dhateng keluarga mriki , malih malih sasampunipun maos profilipun ibu panjenengan wonten majalah wanita. Kadidene ibu teladhan tingkat nasional. Kula kepingin ngertos kados punapa ibu Widagda ngolah rumah tanggaipun supados sae, mula kula kepengin mbantu ana omah kene.”

V. Sudut Pandang.

Ø Sudut pandang persona pertama ; “Aku”
“Aku” Tokoh Utama (First Person Central)


Sumber: Blog Kangsura
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Budi Pekerti

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
Budi pekerti ana nang ngendi wae, kayata: budi pekerti nang sekolahan, masyarakat, kaluwarga. Nanging ana bab ngarep-ngarepe wis diwenehi utawa ana tuladhane budi pekerti nang kluwarga lan sekolahan. Mula saiki tuladhane artikel basa Jawa sing gegayutan karo budi pekerti ing masyarakat.
Tuladha

Urip Bebrayan

Manungsa mono ora isa urip dhewe, amarga ora isa nyukupi butuhe dhewe tanpa pitulungane wong liya. Mula wis lumrahe yen wong urip bebrayan iku padha tulung tinulung lan gotong royong. Murih olehe srawung ing bebrayan ora kecuwan, becike ngenggoni unggah-ungguh, yaiku tindak-tanduk muna muni sarta polatan kang selaras karo kaanan sarta swasana. Dene gaman kanggo nyumurupi tindak tanduk kang pas yaiku tepa salira sarta rikuh pakewuh. Yen sira seneng diajeni, mula kudu ngajeni marang liyan lan ing sesrawungan iku ulat uga kudu dijaga.

Ana ing masyarakat Jawa rasa ngajeni marnag liyan iku kajaba awujud tindak tanduk lan unggah-ungguh guna awujud lan polatan. Basa tumrap wong kang diajeni beda karo basa kang tumrap sapadha-padha. Basa kang kanggo ngajeni iku diarani basa karma.

Sapa bae kang bisa ngenggoni sopan santun ya bakal dienggonake papan kang mungguh. Dene yen ora, iya banjur dicap ora ngerti tindak tanduk lan unggah-ungguh, ora ngerti tata karma. Tindak tanduk lan unggah-ungguh iku, ana ing bebrayan digatekake banget, malah isa nemtokake beja cilakane lelakon. Upamane, ana bocah luput utawa kleru anggone tumindak yen tata kramane ganep ora sida didukani. Kosok baline yen kang luput mau bocah ora duwe tata karma mesthi didukani. Mula becik yen ngerti ing unggah-ungguh lan tindak tanduk kang bener, aja nganti ninggalake sopan santun.

Gladhen
  • Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis lan nganggo basa krama!
    1. Apa sebabe manungsa iku ora isa urip dhewe ?
    2. Ungguh-ungguh apa sing becik dienggo olehe srawung ing bebrayan ?
    3. Kepriye carane supaya kita diajeni dening wong liya ?
    4. Apa wae kang isa nemtokake beja cilakane lelakon ?
    5. Kepriye becike supaya urip kita tansah ayem lan diajeni wong liya ?
  • Gawea artikel sing ngemu budi pekerti nang masyarakat liyane, miturut pangertenmu lan pengalamanmu saben dinane !
  • Sawise nggawe, coba ijolana karo nggone garapane kancamu, banjut gatekna tuladha artikel mau, banjur dhiskusikna karo klompok sing kok pilih.
  • Sawise kok tulis asile dhiskusi, banjur wacanen ing ngarep kelas !
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Friday, December 28, 2018

Teori Cerkak

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
Cerkak yaiku cekakan saka cerita cekak utawa ing basa Indonesia cerita pendek. Basa kang digunakake wis dadi mesthi basa Jawa. Cerkak basa Jawa ana kang ginaaken basa ngoko (basa Jawa kasar), basa krama (basa Jawa alus), basa Jawa krama inggil (basa Jawa paling alus).
  1. Ana ngendi bisa nemokake cerkak basa Jawa?
    Cerkak umume minangka cerita utawa dongeng-dongeng kang wis misuwur dening masyarakat Jawa, mbuh iku sipate fiktif apa nyata. Cerkak iki bisa diterbitake ing majalah-majalah Jawa utawa Koran-koran kang metu ing Jawa Tengah, Jawa Timur utawa Yogyakarta.
    Majalah Joko Lodhang minangka majalah kang paling digandrungi masyarakat ngayogyakarta lan Jawa Tengah, kajaba iku uga ana majalah basa Jawa kang diterbitake saka Surabaya yaiku Panjebar Semangat kang isine uga beberake cerita cekak utawa cerkak. Selajenge Koran umum kaya dene Kedaualatan Rakyat, Minggu Pagi, Kabare, lan Harian Jogja. Surat khabar kasebut kedah menehi kaca cerita cekak ing sajerone. Cerkak basa Jawa iki bisa dadi daya tarik masyarakat supaya gelem nukoni.
  2. Cerita ing cerkak
    Wondene materi cerita akeh sing dijupuk saka kedadean-kedadean ing masyarakat, pawarta-pawarta kang sumebar, tuladha-tuladha kang bisa dadi conto, pituduh-pituduh kang ngaurip utawa cerita katresnan. Judul utawa irah-irahan cerita cekak kang wis ana kaya dene:
    • “Ngumpulke Balung Pisah” kang nyritakake babagan kepriye ngempalake keluwarga kang wis misah-misah ing sawijining trah (keluwarga gedhe).
    • “Keno Pulute Ora Mangan Nangkane” nyritakake babagan wong kang kena piwales saka apa kang wis ditindakake.
      Judul kang liyane yaiku: ‘Tega Patine ora Tego Larane’, ‘Heri Guru Kang Ayu’, ‘Tince sing ayu songgar’, ‘Yati Janda Kembang’, ‘Jembatan Merah’, ‘Sumur Gumuling’, ‘Rebutan Bojo dadi Bubrah’, ‘Guo Slarong’, ‘Misteri Gunung Merapi’, ‘Ayumu Jebul Ora Tulus’, ‘Bojoku yo Bojomu, Bojoku Minggat’.
Cerita cekak utawa biyasa sinebut kanthi cekakan cerkak kuwi mujudake salah sijine karya sastra kang arupa gancaran. Cerkak yaiku cerita kang wujude cekak nyeritakake sawijine paraga (tokoh) ing saperangan uripe.
Amarga cerkak minangka karya sastra, mula ing sajrone ana unsur-unsur pandhapuke kang kapantha dadi loro, yaiku unsur intrinsik lan unsur ekstrinsik.

Unsur intrinsik cerkak yaiku unsur kang mbangun cerkak saka sanjerone cerkak, ing antarane:
1. Tema
Yaiku sing dadi underane prakara crita. Tuladhane: kamanungsan, kabudayan, kasusilan, sesrawungan, lsp.
2. Paraga
Yaiku pelaku kang mbangun cerita. Paraga kaperang dadi loro, yaiku paraga pokok (tokoh utama) lan paraga kang sipate mbyantu (tokoh pembantu).
3. Watak
Yaiku tandha-tandha fisik (dhuwur, lemu, pesek, lsp) lan tandha-tandha non-fisik kang diduweni paraga (galak, sumeh, grapyak, pinter, lsp).
4. Setting
Yaiku papan lan wektu kadadeane cerita. (Papan: pasar, sawah, dalan, kantor. Wektu: esuk, awan, sore, bengi).
5. Sudut pandang / point of view
Yaiku ing ngendi pengarang mapanake dheweke ing cerita.
6. Lelewaning basa
Yaiku basa kang digunakake pengarang ing cerita.
7. Amanat
Yaiku piweling kang arep diwenehake pengarang marang wong kang maca cerkak.
8. Alur/plot
Yaiku bakune cerita wiwit saka wiwitan nganti pungkasan (perkenalan, konflik, penyelesaian)

Unsur ekstrinsik yaiku unsur kang mbangun cerkak saka sanjabane cerkak, kang mangaribawani ing antarane:
1. Agama
2. Ekonomi
3. Sosial
4. Pendhidhikan, lan
5. Budaya
Titikane cerkak:
1. Ceritane cekak
2. Prekara kang diceritakake mung siji
3. Cacahe paraga mung sithik
4. Paraga kang dicritakake ora nganti owah nasibe
5. Menawa ditulis antarane mung 3 – 10 kaca
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info